Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya, sanyata endah warnamu iku! Mripatmu katon lir manuk dara, ana ing sangisoring kudhungmu. Rambutmu pindha pepanthan wedhus kang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.
Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku, mudhuna mrene saka ing gunung Libanon; mudhuna saka ing pucake gunung Amana, saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon, saka guwa-guwaning singa, lan pagunungan panggonaning macan tutul!
Kowe gawe dheg-dhegane atiku, yayi, pengantenku, kalawan sakedhepaning mripatmu kowe gawe dheg-dheganing atiku sarta kalawan kalung ing gulumu saoncen.
Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku, madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu, lan gandaning sandhanganmu iku pindha gandaning gunung Libanon.
-- He angin lor, he angin kidul, tangia lan mrenea, midida ing pakebonanku supaya gandane anggi-anggi ngambar! Muga-muga kekasihku rawuha ing pakebonane lan dhahar woh-wohan kang enak.