Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!
Aku turu, nanging atiku melek. Rungokna, kekasihku thothok-thothok. “Wenganana kori, yayi, memanisku, manuk daraku, idham-idhamanku, amarga sirahku klebes ebun, lan rambutku kebak tetesing ebun bengi!”
Kekasihku dakwengani lawang, nanging kekasihku wis mengker, ngical. Kaya semaput-semaputa aku bareng Panjenengane ngical. Panjenengane daklari, nanging ora tinemu, dakaturi, nanging ora paring wangsulan.
He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani: manawa kowe kapethuk kekasihku, apa kang arep kokaturake marang Panjenengane? Aturna, yen aku nandhang brangta!