-- Menyang ngendi tindake kekasihmu, he, wong sulistya ing satengahe para wanita? Menyang ngendi enering tindake kekasihmu, aku arep padha ngrewangi kowe nggoleki.
Mripatmu engokna saka aku, amarga aku dadi ngleleng marga saka iku. Rambutmu pindha pepanthan wedhus, kang tumurun ngombak-ombak saka ing gunung Gilead.
Nanging mung dheweke kang dadi manukku dara, idham-idhamanku, putrane ibune kang ora ana tunggale, kang kinasihan dening kang nglairake, para putri padha ndeleng lan ngarani begja, para prameswari lan para ampil padha ngalembana.
Dhuh prawan Sulam, balia, balia, balia, balia, supaya aku padha bisa nyawang kowe. Kena apa kowe seneng nyawang prawan Sulam iku kaya nonton beksan perang?