Gulumu pindha menara gadhing, mripatmu kadi telaga ing Hesybon, cedhak gapura Batrabim; irungmu kaya menara ing Libanon, kang madhep marang ing kutha Damsyik.
Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku, lan nyekel dhompolan-dhompolane. Payudaramu kaya dhompolan anggur, lan napasing irungmu lir woh apel.
Tembung-tembungmu manis kaya anggur!” Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren, luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!
Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ing pakebonan anggur ing wanci umun-umun, lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun, punapa sekaripun sampun mekar, wit-witanipun dlima punapa sampun sekar! Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokaken katresnan kawula dhumateng Paduka!
Gandanipun woh dhudhaim ngambar, sacelaking kori kita wonten woh-wohan maneka warni ingkang eca, ingkang sampun dangu lan ingkang saweg kemawon kapethik. Punika sampun kawula simpen kagem paduka, dhuh kekasih kawula!