Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| O, saupami paduka punika sadherek kawula jaler, ingkang nesep ing payudaranipun ibu kawula, temtu badhe kawula aras, manawi kepanggih wonten ing jawi, amargi boten wonten tiyang ingkang badhe ngremehaken kawula! |
| 2 |
| Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekaken dhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula. Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk, duduhing wohipun dlima kawula. |
| 3 |
| Astane kang kiwa nyangga sirahku, astane tengen ngrangkul aku. |
| 4 |
| He para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani, kena apa kowe padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake? |
| 5 |
| Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun, kang lendheh-lendheh ing kekasihe? Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel, ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe, ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe. |
| 6 |
| -- Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka, kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah, mulad-muladipun kados urubing latu, kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah! |
| 7 |
| Toya agung boten saged nyirep tresna, lepen-lepen boten saged ngentiraken. Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan, temtu namung badhe karemehaken kemawon. |
| 8 |
| Aku padha duwe adhi wadon, kang durung katon payudarane. Apa kang wajib daktindakake tumrap adhiku wadon, yen tumeka ing dinane linamar? |
| 9 |
| Saupama temboka, bakal dakdokoki payon salaka ing dhuwure, saupama lawanga, bakal daketrapi palang kayu eres. |
| 10 |
| -- Aku iki tembok, lan payudaraku kaya menara. Ana ing paningale wektu iku aku kaya wong kang wus oleh kabegjan. |
| 11 |
| Sang Prabu Suleman kagungan pakebonan anggur ana ing Baal-Hamon. Pakebonan anggur iku dipasrahake marang wong kang padha rumeksa, minangka oleh-olehane siji-sijine ngaturake dhuwit salaka sewu. |
| 12 |
| Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak, wonten ing ngarsa paduka, kagem panjenengan dalem arta sewu punika, dhuh Sang Prabu Suleman, lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun. |
| 13 |
| -- Heh kang manggon ana ing taman, kanca-kanca padha nggatekake swaramu, aku iya rungonana! |
| 14 |
| -- Dhuh kekasih kawula, Paduka mugi enggal karsaa tumindak kadosdene kidang, utawi kadosdene anak sangsam wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/songofsolomon/008.mp3
8
8