Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana
lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”
Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa lan bakal ngadili suku bangsa akeh; iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen sarta tumbak-tumbake kadadekake arit. Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.
Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan saha sikir kados tiyang Filisti, tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.
Nagaranipun kebak brahala; tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah dhateng dedamelaning tanganipun piyambak lan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.
Lumebua ing sela-selaning gunung parang lan ndhelika ing rong ing sajroning lemah marga saka pagirise Sang Yehuwah sarta marga saka cahyaning kamulyane!
Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;
Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang lan ing rong-rong ing sajroning lemah, marga saka pagirising Yehuwah tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.
Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,
lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parang tuwin ing sela-selaning tetengger watu marga saka pagirising Sang Yehuwah lan marga saka cahyaning kamulyane; ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi.