Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sanyata bakal ngedohake saka Yerusalem lan Yehuda saben wong kang padha dadi andel-andele, sakehe tandhon pangan lan omben-omben:
Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan wong padha lawan-linawan, kang siji nglawan marang sijine; wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa, wong asor marang wong kang kajen keringan.
Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu: “Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadaya saha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,”
ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli: “Aku emoh dadi dhokter; ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah; aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.”
Yerusalem sanyata wus ambruk lan Yehuda wus rubuh, amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwah sarta padha nantng marang tingale kang mulya.
Pasemoning raine mratelakake pialane lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane, ora didhelikake maneh. Bilai wong-wong iku! Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.
Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah, lan bakal kaereh ing para wong wadon. He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira, lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!
Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate: “Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku, barang rayahan saka wong kang katindhes ana ing omahira tumpuk-tumpuk.
Pangeran Yehuwah ngandika: Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggung lan padha lumaku kalawan langak-langak gulune tuwin kalawan main mata, sarta lakune digawe-gawe kalawan gelange sikil kang kumrincing,
Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin, pending bakal disalini tali, rambut klabangan disalini gundhul, sandhangan pesta disalini bagor rupa ayu disalini cacad.