Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna, lan padha nggatekna, he para suku bangsa! Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu, uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono. |
| 2 |
| Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa, lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane; iku wus padha kadhewekake bakal katumpes lan kapasrahake supaya padha disembeleh. |
| 3 |
| Wong kang mati dipateni bakal kabuwang, lan bathange bakal padha mambu blarongan; gunung-gunung bakal padha kabanjiran getihe. |
| 4 |
| Sakehe wadya-bala ing langit bakal tumpes, tuwin langit bakal kagulung kaya layang gulungan, kabeh wadya-balane bakal gugur kaya godhong kang padha gogrog saka ing wit anggur, lan kaya gogroge godhong anjir. |
| 5 |
| Sabab pedhangingSun kang ana ing langit wus ngamuk, delengen, iku wus tumurun ngakimi Edom, bangsa kang wus Sunpiyambakake supaya katumpes. |
| 6 |
| Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getih lan gupak gajih akeh banget, yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus-wedhus lanang tuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang. Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozra lan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom. |
| 7 |
| Bantheng-bantheng bakal padha ambruk mati bebarengan karo wedhus gembel lan wedhus liyane mau, lan sapi-sapi lanang kang enom bebarengan karo sapi-sapi lanang kang prakosa, nagarane bakal warata karesepan ing getih, sarta tanahe kebak gajih. |
| 8 |
| Awit Pangeran Yehuwah ndhatengake dina tumibaning piwales lan taun anggone ndhawahake paukuman marga saka prakarane Sion. |
| 9 |
| Kali-kaline Edom bakal malih dadi kali latung, tuwin lemahe dadi walirang; nagarane bakal dadi latung kang murub makantar-kantar. |
| 10 |
| Rina wengi ora bakal mati-mati, kukuse kumelun salawas-lawase. Nagara iku bakal dadi jugrugan turun-tumurun, tuwin sabanjure ora bakal ana wong kang liwat ing kono. |
| 11 |
| Banyak gondhok lan landhak kang bakal manggon ing kono. manuk beluk lan gagak bakal dumunung ana ing kono. Pangeran Yehuwah bakal ndadosake worsuh nagara iku sarta kadadosake suwung ngetrepi rancangane. |
| 12 |
| Jim-jim bakal manggon ana ing kono, lan para panggedhe bakal wus ora ana maneh; wus ora ana maneh kang bakal kajumenengake dadi ratu ing kono, tuwin sakehe panggedhene wus padha sirna. |
| 13 |
| Eri bebondhotan bakal thukul ing puri-purine, lan suket saarta piskucing ana ing beteng-betenge, satemah dadi papan padununganing asu ajag, tuwin dadi panggonaning manuk unta. |
| 14 |
| Kewan pasamunan bakal padha pethukan karo asu alas, sarta jim bakal tetemonan karo kancane ana ing kono; memedi bakal ana ing kono tuwin bakal oleh papan panggonan. |
| 15 |
| Ula wit-witan padha nusuh lan ngendhog ana ing kono tuwin angrem nganti edhoge padha netes; manuk beri padha krompolan ana ing kono, padha jodhon-jodhon. |
| 16 |
| Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh. |
| 17 |
| Panjenengane piyambak wus mbucal undhi lan mbage-mbage nagara iku marang para makhluk mau kalawan tali ukuran; makhluk-makhluk mau bakal manggon ing kono nganti ing salawas-lawase lan ana ing kono turun-tumurun. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/isaiah/034.mp3
66
34