Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Ing wektu iku ana wong wadon pitu kang padha nggondheli wong lanang siji, sarta celathu: “Kula sami badhe nedha tetedhan lan mangangge sandhangan kula piyambak; nanging keparenga kula namung ngangge asma panjenengan; panjenengan mugi karsa ngicali kawirangan kula sadaya!” |
| 2 |
| Ing nalika iku trubusan kang dithukulake dening Sang Yehuwah bakal dadi kaendahan lan kamulyan, lan pametuning bumi dadi kaagungan lan kamulyan tumrap para wong Israel kang padha bisa oncat. |
| 3 |
| Lan wong kekarene ing Sion tuwin kang isih ana ing Yerusalem bakal kasebut suci yaiku saben wong ing Yerusalem kang katulisan bakal oleh urip, |
| 4 |
| samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong. |
| 5 |
| Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung |
| 6 |
| sarta minangka pamondhokan papaning pangauban ing wayah awan supaya ora kena ing sumeleting panas sarta dadi papan pangungsen lan pandhelikan ing mangsa prahara lan udan. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/isaiah/004.mp3
66
4