Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Tangia, tangia! Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion! Anggonen sandhanganmu kang endah, he Yerusalem, kutha kang suci! Amarga ora ana wong kang ora tetak utawakang najis, kang bakal lumebu maneh ing jeromu. |
| 2 |
| Ketabna lebuning sikilmu, tangia, he Yerusalem kang katawan! Uculana tali-tali kang ana ing gulumu, he putri Sion kang katawan! |
| 3 |
| Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha kaedol tanpa bayaran, mulane bakal katebus tanpa bayaran uga. |
| 4 |
| Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah: Biyen umatingSun mangkat menyang ing tanah Mesir lan dadi wong neneka manggon ana ing kono, wasana banjur dianiaya dening Asyur tanpa sabab. |
| 5 |
| Nanging saiki apa maneh urusaningSun ana ing kene?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. UmatingSun nuli katawan mangkono bae. Para kang ngwasani padha gedhe atine, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, tuwin asmaningSun sadina-dina tansah diala-ala. |
| 6 |
| Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun! |
| 7 |
| Iba anggone ngresepake katone saka ing pucake tengger-tengger tekane kang nggawa pawarta, kang martakake kabar katentreman kang ngundhangake pawarta kang becik, kang nggawa kabar karahayon lan kang celathu marang Sion: “Allahmu iku ratu!” |
| 8 |
| Rungokna swarane wong kang padha ngawat-awati kowe: padha surak-surak bebarengan. Amarga padha nyumurupi dhewe manawa Sang Yehuwah kondur menyang ing Sion. |
| 9 |
| Padha giyak-giyaka, padha surak-surak bebarengan, he gapuraning Yerusalem! Awit Pangeran Yehuwah wus nglipur umate, wus nebus Yerusalem. |
| 10 |
| Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suci ana ing ngarepe mripate sakehing bangsa; poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayon kang pinangkane saka ing Allah kita. |
| 11 |
| Ngedoha, ngedoha! Metua saka ing kono! Kowe aja nganti kagepok kang najis! Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia, he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah! |
| 12 |
| Lah angognmu padha metu bakal ora kalawan kesusu tuwin ora bakal kaya keplayu, amarga Pangeran Yehuwah bakal lumampah ana ing ngarepmu, sarta Gusti Allahe Israel bakal dadi panutuping barisanmu. |
| 13 |
| Lah AbdiningSun bakal oleh gawe, bakal kaluhurake, kaalembana lan kamulyakake. |
| 14 |
| Kayadene anggone wong akeh bakal padha dheleg-dheleg nyumurupi Panjenengane -- amarga saka bangeting rusake pasemone, nganti ora kaya manungsa maneh, lan katon ora kaya anaking manungsa maneh,-- |
| 15 |
| mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh, para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane; amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan, tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/isaiah/052.mp3
66
52