- kaya geni sing ngobong kayu rentyekan lan kaya geni sing ngumupké banyu - supaya asma Panjenengan dingertèni karo para mungsuh Panjenengan, terus bangsa-bangsa pada gemeter ing ngarepé Panjenengan,
Ora ana kuping sing krungu, lan ora ana mripat sing weruh Gusti Allah sing nindakké apa-apa kanggo wong sing ngentèn-entèni marang Panjenengané mung Panjenengan sing nandangi mengkéné.
Panjenengan metuki para wong sing pada nandangi apa sing bener lan pada éling marang dalan sing Panjenengan duduhké! Panjenengan sakjané nesu banget, jalaran kita pada nandangi dosa; wiwit mbiyèn kita pada mbruntak marang Panjenengan.
Awit sangka mengkéné kita kaya wong sing reget lan kabèh kesutyian kita kaya mori sing reget; kita pada dadi alum kaya godong lan pada entèk awit sangka ala kita kaya godong sing dientèkké karo angin.
Ora ana sing nyebut asma Panjenengan utawa sing terus ngadek nggondèli Panjenengan; awit Panjenengan ngaling-alingi praupan Panjenengan kanggo kita, lan ngekèkké kita marang pangwasané dosa kita.
Nanging saiki, duh GUSTI, Panjenengan kuwi Bapak kita! Kita kabèh lempung nanging Panjenengan sing nganakké kita, lan kita kabèh kuwi gawéané tangan Panjenengan.
Duh GUSTI, supaya aja nganti tenan-tenan enggèn Panjenengan nesu lan supaya aja nganti diteruské enggèn Panjenengan ngéling-éling marang dosa! Supaya Panjenengan gelem mangertèni, yèn kita kuwi umat Panjenengan.
Panggonan pepundèné kita sing sutyi lan gedé, sing kanggo memuji marang Panjenengan karo para leluhur kita, wis dadi memangsané geni, duwèk kita sing apik déwé wis dadi gempuran.
Yèn weruh kuwi kabèh, duh GUSTI, apa ya Panjenengan bakal ngempet, apa Panjenengan mung bakal meneng waé lan nggawé sangsara kita sing wis kliwat banget?