Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.
Awit pasangan ingkang mlinder saha rembatan ingkang wonten ing pundhakipun sarta penthungipun tiyang ingkang nindhes sampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian.
Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon, iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba. Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake.
Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane, lan ora welas marang anak-anake lola lan marang para randhane, amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala, sarta saben cangkem pangucape gemblung. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, tuwin astane isih kaagagake.
Marga saka dukane Sang Yehuwah Gustine sawra tumitah, tanah iku kobong, tuwin bangsa iku dadi mangsane geni; ora ana wong siji-sijia kang melasi sadulure.
Manasye mangsa Efraim, lan Efraim mangsa Manasye, tuwin bebarengan padha nglawan Yehuda. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake.