Ing wektu iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- balunge para raja ing Yehuda, para panggedhene, para imam lan para nabi, apadene balunge para wong ing saisining Yerusalem bakal padha diwetokake saka ing kuburane,
dieler ana ing sangisoring srengenge, rembulan lan sagolonganing langit, kang biyene ditresnani, dikawulani, dianut, diupadi lan disujudi. Kabeh iku ora bakal dikumpulake lan dikubur, iku bakal kagawe rabuk ing pategalan.
Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.
Sira mratelakna marang para wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh? Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh?
Ingsun wus nggatosake lan midhangetake, kandhane ora jujur! Ora ana kang nggetuni pialane karo ngucap: Apa ta kang wus daklakoni iki! kalawan mbedhal lumayu padha nggeblas manut parane dhewe-dhewe kaya jaran kang nrejang ing peperangan.
Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane, manuk drekuku, sriti lan bango padha kelingan mangsane bali, nanging umatingSun ora sumurup angger-anggere Sang Yehuwah.
Para wong wicaksana bakal padha kawirangan, kaget lan keblusuk. Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan?
Mulane rabine bakal padha Sunpasrahake marang wong liya, lan pategalan-pategalane marang para penjajah. Lah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, kabeh padha ngupaya kauntungan, dadia nabi, dadia imam, kabeh padha laku cidra.
Wong iku padha nambani tatune putrining umatingSun, kang dianggep mayar bae, celathune: Tentrem rahayu! Tentrem rahayu! Nanging ora ana tentrem rahayu.
Pancene kudu rumangsa wirang, amarga padha nglakoni kanisthan, nanging padha ora rumangsa wirang babar pisan lan ora ngrumangsani cacade. Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk, bakal padha kejengklok, samangsa padha tampa paukuman, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ingsun arsa mundhut pametune, nanging wite anggur ora ana wohe, wite anjir ora ana wohe, lan godhonge wus padha alum, mulane Ingsun bakal netepake, para wong kang bakal padha ngidak-idak wong-wong iku.”
Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono! Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.
“Bekere jaraning mungsuh keprungu saka ing Dhan, saindenging nagara padha gumeter dening bengingehing jarane lanang. Tekane ngentekake nagara saisine, kutha dalah wong saisine padha dipangan.
Lah delengen, Ingsun ngeculake ula bedhudhak ana ing satengahira kang ora bisa dijapani, lan bakal nyakot sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” --
Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh: “Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion? Apa ing kono ora ana Rajane?” Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recane lan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?