|
| 1 |
|
| Aku iki wong kang ngalami sangsara marga saka panggebaging dukane Pangeran. |
|
| 2 |
|
| Panjenengane nundhung lan nglampahake aku ana ing pepeteng kang ora ana padhange. |
|
| 3 |
|
| Lah aku katibanan ing astane marambah-rambah, nganti sadina muput. |
|
| 4 |
|
| Daging lan kulitku didamel susut, balungku padha ditugeli. |
|
| 5 |
|
| Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku, ngupengi aku kalawan kaprihatinan lan kasusahan. |
|
| 6 |
|
| Aku dipapanake ing panggonan kang peteng, kaya wong kang wus mati suwe. |
|
| 7 |
|
| Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabeh sarta ditaleni nganggo rante kang abot. |
|
| 8 |
|
| Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung, pandongaku ora dipiyarsakake. |
|
| 9 |
|
| Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan, didadekake ora kena diambah. |
|
| 10 |
|
| Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku, lan prasasat singa ana ing pandhelikan. |
|
| 11 |
|
| Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempal lan ndadosake aku bingung. |
|
| 12 |
|
| Gandhewane wus dipenthang lan aku kang dadi lesaning jemparinge. |
|
| 13 |
|
| Jemparinge kang ana ing endhonge padha dilepasake kabeh, padha manjing ing atiku. |
|
| 14 |
|
| Aku dadi pepoyokane bangsaku kabeh, digawe lagu pangece nganti sadina muput. |
|
| 15 |
|
| Aku diwaregi kalawan pepait lan diombeni butrawali. |
|
| 16 |
|
| Untuku diremuk, srana aku diparingi mangan krikil, lan aku diblesekake ing lebu. |
|
| 17 |
|
| Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman, kawula kasupen dhateng kabegjan. |
|
| 18 |
|
| Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna, lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang. |
|
| 19 |
|
| “Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta, punapadene wontenipun butrawali lan wisa.” |
|
| 20 |
|
| Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika, saha nglemprek wonten ing lebet kawula. |
|
| 21 |
|
| Nanging iki kang dakrasakake, lan kang njalari aku duwe pangarep-arep: |
|
| 22 |
|
| Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot, lan sih-kawelasane ora ana enteke. |
|
| 23 |
|
| Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk. Saestu ageng kasetyan Paduka punika! |
|
| 24 |
|
| Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku, mulane dakarep-arep.” |
|
| 25 |
|
| Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti, tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane. |
|
| 26 |
|
| Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar. |
|
| 27 |
|
| Becik manawa wong lanang mikul pasangan nalika nome. |
|
| 28 |
|
| Iku lungguha dhewekan lan menenga, manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah. |
|
| 29 |
|
| Ambruka lan nempelna raine ing lebu, bokmanawa isih ana pangarep-arep. |
|
| 30 |
|
| Pipine diulungna marang kang napuk, dinganti wareg anggone dipoyoki. |
|
| 31 |
|
| Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratake ora ing salawase. |
|
| 32 |
|
| Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan, iya nuli paring palimirma, cundhuk karo sih-kadarmane. |
|
| 33 |
|
| Awit ora kalawan lila-legawaning galihe manawa maringi kasusahan lan kaprihatinan marang para anake manungsa. |
|
| 34 |
|
| Manawa ana wong kang ngidak-idak sakehe wong tawanan ing salumahing bumi, |
|
| 35 |
|
| manawa wewenanging wong dienggokake ana ing ngarsane Kang Mahaluhur, |
|
| 36 |
|
| manawa wong ditanduki kang ora adil tumrap prakarane, iku apa ora diuningani dening Pangeran Yehuwah? |
|
| 37 |
|
| Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana? Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake? |
|
| 38 |
|
| Kang ala lan kang becik iku wijile apa ora saka lesane Kang Mahaluhur? |
|
| 39 |
|
| Yagene wong urip padha nggresah? Saben wong nggresaha marga saka dosane! |
|
| 40 |
|
| Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah. |
|
| 41 |
|
| Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kita marang Gusti Allah ing swarga lan munjuk: |
|
| 42 |
|
| Kawula sampun nerak lan mbalela, mangka Paduka boten paring pangapunten. |
|
| 43 |
|
| Paduka singeban bebendu, sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas. |
|
| 44 |
|
| Paduka singeban mendhung, satemah pandonga kawula boten saged nembus. |
|
| 45 |
|
| Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nistha wonten ing satengahipun para bangsa. |
|
| 46 |
|
| Sakathahipun mengsah kawula, sami ngungel-ungelaken kawula. |
|
| 47 |
|
| Kawula kataman pagiris sarta kalajiret, karisakan lan pagempuran. |
|
| 48 |
|
| Luh kawula mili kados lepen awit saking risaking putrinipun bangsa kawula. |
|
| 49 |
|
| Luh kawula tansah crocosan, tanpa wonten kendelipun; |
|
| 50 |
|
| ngantos Pangeran Yehuwah ngudaneni saking nginggil saha mirsani saking swarga. |
|
| 51 |
|
| Mripat kawula ngantos kraos perih awit saking kawontenanipun para putri ing kitha kawula. |
|
| 52 |
|
| Kawula dipun uber-uber kados peksi dening tiyang ingkang sami mengsah dhateng kawula tanpa sabab. |
|
| 53 |
|
| Kawula dipun cemplungaken dhateng luweng gesang-gesangan, sarta dipun banggali sela. |
|
| 54 |
|
| Toya mbanjiri sirah kawula, kawula nginten: “Bilai aku saiki.” |
|
| 55 |
|
| “Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Paduka saking dhasaring luweng ingkang lebet. |
|
| 56 |
|
| Paduka miyarsakaken swara kawula. Paduka sampun ngantos nutupi talingan Paduka tumrap pangadhuh saha pasambat kawula. |
|
| 57 |
|
| Nalika kawula sesambat dhateng Paduka, Paduka celak sarta ngandika: Aja wedi.” |
|
| 58 |
|
| “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun mbelani prakawis kawula, sarta sampun ngluwari gesang kawula. |
|
| 59 |
|
| Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nguningani anggen kawula dipun etrapi ingkang boten adil; Paduka mugi karsaa maringi kaadilan! |
|
| 60 |
|
| Paduka sampun nguningani pangigit-igitipun tiyang-tiyang wau saha sadaya pangrantamipun dhateng kawula.” |
|
| 61 |
|
| “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun, dalah pangrantamipun dhateng kawula; |
|
| 62 |
|
| punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula, sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput! |
|
| 63 |
|
| Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun, kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.” |
|
| 64 |
|
| “Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang-tiyang wau, miturut ing sapandamelipun. |
|
| 65 |
|
| Paduka badhe mangkotaken manahipun, mugi sami kadhawahana laknat Paduka. |
|
| 66 |
|
| Dhuh Yehuwah, Paduka badhe mbujeng tiyang-tiyang wau klayan bebendu, sarta sami badhe Paduka sirnakaken saking sangandhaping langit!” |
|
|
|
|