|
| 1 |
|
| Aku iki wong lanang sing ngalami sangsara awit sangka gepuké nesuné Gusti. |
|
| 2 |
|
| Panjenengané nundung lan nggawa aku ing pepeteng sing ora ana padangé. |
|
| 3 |
|
| Aku ditibani karo tangan-Né bola-bali, nganti sedina muput. |
|
| 4 |
|
| Daging lan kulitku digawé susut, balungku pada ditugeli. |
|
| 5 |
|
| Gusti ngedekké témbok ngungkuli aku, ngubengi aku karo kasangsaran lan kasusahan. |
|
| 6 |
|
| Aku dipapanaké ing panggonan sing peteng, kaya wong sing wis mati suwé. |
|
| 7 |
|
| Aku dipèpèt, dalanku metu ditutup kabèh lan ditalèni nganggo ranté sing abot. |
|
| 8 |
|
| Senajan aku sambat-sambat lan mbengok-mbengok njaluk tulung, pandongaku ora digatèkké. |
|
| 9 |
|
| Dalan-dalanku pada dialang-alangi nganggo watu tatahan, didadèkké ora kena dilakoni. |
|
| 10 |
|
| Panjenengané kaya waé bruwang sing nyegat aku, lan kaya waé singa ing pandelikan. |
|
| 11 |
|
| Dalan-dalanku diénggoké, aku disempal-sempal lan ndadèkké aku bingung. |
|
| 12 |
|
| Gandéwané wis dipentèng lan aku sing dadi tujuané panahé. |
|
| 13 |
|
| Panahé ing wadahé panah pada dipanahké kabèh, pada mantyep ing atiku. |
|
| 14 |
|
| Aku dadi guyonané bangsaku kabèh, digawé nyanyian ngétyé nganti sedina muput. |
|
| 15 |
|
| Aku diwareki karo sing pait lan diombèni kayu pait. |
|
| 16 |
|
| Untuku diremuk lan aku dikèki mangan krikil, lan aku dibleseké ing lebu. |
|
| 17 |
|
| Nyawa kula Panjenengan pisahké sangka katentreman, kula lali marang kabekjan. |
|
| 18 |
|
| Ing kono pikiranku: Keluhuranku wis entèk, lan pengarep-arepku marang GUSTI wis ilang. |
|
| 19 |
|
| “Panjenengan supaya éling kasangsaran lan enggèn kula kelunta-lunta, uga anané kayu pait lan ratyun.” |
|
| 20 |
|
| Nyawa kula tansah kèlingan marang perkara kuwi, lan nglemprek ing njeruh kula. |
|
| 21 |
|
| Nanging iki sing tak rasakké, lan sing njalari aku nduwé pengarep-arep: |
|
| 22 |
|
| Kawelasané GUSTI kuwi tanpa mandek, lan pangayoman-Né ora ana entèkké. |
|
| 23 |
|
| Tansah terusan, ganti-gumanti saben ésuk. Tenan gedé kasetian Panjenengan kuwi! |
|
| 24 |
|
| Pikirané atiku: “GUSTI kuwi dadi pandumanku, mulané tak arep-arep.” |
|
| 25 |
|
| Gusti kuwi apik kanggo wong sing pada ngentèn-entèni, kanggo nyawa sing nggolèki Panjenengané. |
|
| 26 |
|
| Betyik yèn wong ngentèn-entèni marang pitulungané GUSTI karo sabar. |
|
| 27 |
|
| Betyik yèn wong lanang mikul pasangan waktu enomé. |
|
| 28 |
|
| Hayuk lungguha dèwèkan lan menenga, yèn ijik dimomoti karo GUSTI. |
|
| 29 |
|
| Ambruka lan tèmplèkna praupané ing lebu, menawa ijik ana pengarep-arep. |
|
| 30 |
|
| Pipiné dipasrahké marang sing napuk, nganti warek enggoné dipoyoki. |
|
| 31 |
|
| Awit GUSTI enggoné nulak ora selawasé. |
|
| 32 |
|
| Awit senajan Panjenengan ngekèki kasusahan, ya terus ngekèki pangayoman, tyotyok karo kawelasan-Né. |
|
| 33 |
|
| Awit ora karo lila ati-Né ngekèki kasusahan lan kasangsaran marang para anaké manungsa. |
|
| 34 |
|
| Yèn ana wong sing ngidak-idak sak kabèhé wong tawanan ing sak lumahé bumi, |
|
| 35 |
|
| yèn wewenangé wong diénggoké ing ngarepé sing Mahaluhur, |
|
| 36 |
|
| yèn wong nindakké sing ora adil kanggo perkarané, kuwi apa ora dingertèni karo Gusti? |
|
| 37 |
|
| Sapa ta sing ngomong lan samubarang kabèh terus ana? Apa duduk Gusti sing mréntahké? |
|
| 38 |
|
| Sing ala lan sing betyik kuwi metuné apa ora sangka tutuké sing Mahaluhur? |
|
| 39 |
|
| Kenèng apa wong urip pada nggresah? Saben wong nggresaha awit sangka dosané! |
|
| 40 |
|
| Maraa, hayuk pada nliti lan mriksa urip kita, lan pada bali nemoni marang GUSTI. |
|
| 41 |
|
| Maraa, hayuk pada ngunggahké ati lan tangan kita marang Gusti Allah ing swarga lan ngomong: |
|
| 42 |
|
| Kita wis nerak lan nglawan, nanging Panjenengan ora ngekèki ngapura. |
|
| 43 |
|
| Panjenengan nutupi piyambak karo bebendu, lan ngoyak kita, Panjenengan patèni tanpa kawelasan. |
|
| 44 |
|
| Panjenengan nutupi piyambak karo mendung, terus pandonga kita ora bisa nembus. |
|
| 45 |
|
| Kita pada Panjenengan dadèkké reget lan ala ing sak tengahé para bangsa. |
|
| 46 |
|
| Kabèh mungsuh kita, pada ngunèk-unèkké kita. |
|
| 47 |
|
| Kita katekan rasa wedi lan jiret, karusakan lan gempuran. |
|
| 48 |
|
| Luh kula mili kaya kali awit sangka rusaké anaké wadon bangsa kula. |
|
| 49 |
|
| Luh kula tansah trotyosan, tanpa ana mandeké; |
|
| 50 |
|
| nganti GUSTI weruh sangka nduwur lan weruh sangka swarga. |
|
| 51 |
|
| Mripat kula nganti krasa perih awit sangka kahanané para anak wadon ing kuta kula. |
|
| 52 |
|
| Kula diuber-uber kaya manuk karo wong sing pada mungsuhi kula tanpa sebab. |
|
| 53 |
|
| Kula dityemplungké nang luweng urip-uripan, lan dibandemi watu. |
|
| 54 |
|
| Banyu mbanjiri sirah kula, kula ngira: “Mati aku saiki.” |
|
| 55 |
|
| “Duh GUSTI, kula nyebut asma Panjenengan sangka dasaré luweng sing jeru. |
|
| 56 |
|
| Panjenengan ngrungokké swara kula. Panjenengan aja nganti nutupi kuping Panjenengan kanggo aduh-aduh lan sambat kula. |
|
| 57 |
|
| Waktu kula sambat marang Panjenengan, Panjenengan tyedak lan ngomong: Aja wedi.” |
|
| 58 |
|
| “Duh GUSTI, Panjenengan wis mbélani perkara kula, lan wis ngluwari urip kula. |
|
| 59 |
|
| Duh GUSTI, Panjenengan wis weruh enggèn kula ditibani sing ora adil; Panjenengan supaya gelem ngekèki keadilan! |
|
| 60 |
|
| Panjenengan wis weruh nesuné wong-wong kuwi lan kabèh rantyamané marang kula.” |
|
| 61 |
|
| “Duh GUSTI, Panjenengan wis ngrungokké sepata-sepatané, uga rantyamané marang kula; |
|
| 62 |
|
| uga omongané wong-wong sing pada nglawan marang kula, lan menèh angen-angené ala kanggo kula sedina muput! |
|
| 63 |
|
| Supaya Panjenengan ndelok ngadek-lungguhé, kula didadèkké nyanyian guyonané.” |
|
| 64 |
|
| “Duh GUSTI, Panjenengan bakal nindakké balesan marang wong-wong kuwi, miturut karo penggawéané. |
|
| 65 |
|
| Panjenengan bakal mangkotké atiné, supaya pada ditibani bebendu Panjenengan. |
|
| 66 |
|
| Duh GUSTI, Panjenengan bakal ngoyak wong-wong kuwi karo bebendu, lan pada bakal Panjenengan entèkké sangka sak ngisoré langit!” |
|
|
|
|