Pangeran Yehuwah wus ngebyukake sakehe bramatyane, ngesokake bebendune kang mulad-mulad, sarta wus nyumed geni ana ing Sion kang mangsa dhasar-dhasare.
Paha dielokake: “Sumingkir, najis. Sumingkir, sumingkir, aja nggepok!”, nuli padha lunga lan nglambrang; para bangsa banjur padha ngucap: “Iku padha ora kena manggon ana ing kene maneh!”
Wong-wong mau padha ndingkik lakuku, nganti aku padha ora bisa metu ing alun-alunku; wus ndungkap ajalku, wus puput uripku, aku wus padha tekan ing wekasaning uripku.
Wong kang jinebadan dening Pangeran Yehuwah, napasing uripku kabeh kacemplung ing luwenganing wong-wong mau, wong kang dakkira: “Ana ing pangaubane aku bakal padha urip ana ing tengahe para bangsa.”
He, putri ing Sion, kaluputanmu wus ilang, Pangeran Yehuwah ara bakal marengake kowe dibuwang maneh, nanging kaluputanmu, he putri ing Edom, bakal diwales lan dosa-dosamu bakal digelar.