Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengeti punapa ingkang sampun sami kawula alami, mugi Paduka karsaa mirsani saha ngudaneni dhateng kawontenan kawula ingkang asor punika. |
| 2 |
| Tanah pusaka kawula sampun dhumawah dhateng bangsa sanes, griya-griya kawula dhateng tiyang ngamanca. |
| 3 |
| Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa, biyung kawula sami kados randha. |
| 4 |
| Anggen kawula ngombe toya srana tumbas, sarta anggen kawula ngangge kajeng mawi mbayar. |
| 5 |
| Kawula sami dipun bujeng-bujeng wonten ing celakan, sami sayah nanging boten angsal ngaso. |
| 6 |
| Kawula sampun sami ngathungaken tangan dhateng tiyang Mesir, saha dhateng tiyang Asyur, supados sageda nedha tuwuk. |
| 7 |
| Para leluhur kawula ingkang sami damel dosa sampun boten wonten, kawula ingkang katempah ing durakanipun. |
| 8 |
| Rencang tumbasan sami mrentah kawula, boten wonten ingkang ngluwari kawula saking tanganipun. |
| 9 |
| Anggen kawula pados tedha klayan toh pejah margi saking wontenipun pedhang ing pasamunan. |
| 10 |
| Kulit kawula mengangah kados prapen, margi saking sangeting kaluwen. |
| 11 |
| Para tiyang estri ing Sion sami dipun roda-peksa, makaten ugi prawan-prawan ing kitha-kithanipun Yehuda. |
| 12 |
| Para pemimpin sami kagantung dening tanganipun mengsah, para sesepuh boten dipun urmati. |
| 13 |
| Tiyang nem-neman sami dipun kedahaken mikul gilingan, lare-lare sami ambruk margi kawraten anggenipun ngrembat kajeng. |
| 14 |
| Para sepuh sami boten keklempakan malih wonten ing gapuraning kitha, para nem-neman kendel anggenipun nylempung. |
| 15 |
| Kabingahaning manah kawula sampun ical, beksan kawula sami malih dados kasisahan. |
| 16 |
| Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas; amargi kawula sampun sami damel dosa. |
| 17 |
| Inggih margi saking makaten punika manah kawula sakit, inggih margi saking makaten punika mripat kawula lajeng dados bliwur. |
| 18 |
| Awit saking redi Sion ingkang sampun ludhes, segawon-segawon wana sami pating kluyur wonten ngriku. |
| 19 |
| Dhuh Yehuwah, Paduka punika jumeneng langgeng, dhampar Paduka boten ewah gingsir ing salami-laminipun. |
| 20 |
| Kenging punapa dene Paduka ngantos boten enget dhateng kawula sadaya ing salaminipun, punapaa dene kawula Paduka tegakaken ngantos lami? |
| 21 |
| Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami Paduka wangsulaken dhateng Paduka, temahan sami badhe mratobat, kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malih kados kala rumiyin. |
| 22 |
| Utawi punapa Paduka badhe nampik dhateng kawula sadaya babar-pisan? Punapa Paduka duka sanget dhateng kawula? |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/lamentations/005.mp3
5
5