Pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, sira Sunutus nemoni wong Israel, bangsa kang ambek mbalela, kang wus mbalela marang Ingsun. Bangsa iki dalah para leluhure wus padha gawe duraka marang Ingsun nganti tumeka ing dina iki uga.
Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.
Dene sira, anaking manungsa, apa sapangandikaningSun marang sira iku rungokna, lan sira aja mbalela kaya jinis kang ambek mbalela iku. Sira mangapa, panganen apa kang Sunparingake marang sira.”