Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Aku banjur kabekta menyang ing sajroning bangsal gedhe ing Padaleman Suci kono sarta panjenengane ngukur sakaning temboke: kandele ing sisih kene enem asta, ing sisih kanane uga enem asta. |
| 2 |
| Ambane lawange sapuluh asta lan ambane tembok sandhinge ing sisih kene limang asta, ing sisih kana uga limang asta. Dawaning bangsal gedhe iya kaukur; patang puluh asta, dene ambane rong puluh asta. |
| 3 |
| Panjenengane nuli lumebet ing kamar njero. Sakaning temboke banjur kaukur: kandele rong asta, dene ambane lawange dhewe: enem asta, tuwin tembok ing sandhinge ing sisih kene pitung asta, ing sisih kanane pitung asta. |
| 4 |
| Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.” |
| 5 |
| Panjenengane banjur ngukur tembok ing Padaleman Suci iku: kandele enem asta lan ambane kamar tambahan kang tinemu ing sakubenge Padaleman Suci mau, patang asta. |
| 6 |
| Kamar-kamar tambahan iki sungsun telu lan saben larik kamare telung-puluh. Ing sakubenge Padaleman Suci temboke ana lowah-lowahane kang diedegi kamar-kamar tambahan mau, supaya padha dadi santosa, amarga kamar-kamar mau ora digandheng karo temboking Padaleman Suci. |
| 7 |
| Sabanjure kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan kang katelu, saya gedhe saya gedhe, laras karo lowah-lowahane kang saya munggah iya saya amba ana ing larikan ing dhuwur ngliwati larikan tengah. |
| 8 |
| Ing sapandelengku dhasaring Padaleman Suci luwih dhuwur tinimbang ing sakubenge. Dhasaring kamar-kamar tambahan iku ukurane sateken trep, dadi dhuwure enem asta. |
| 9 |
| Kamar tambahan iku temboke sing njaba kandele limang asta, peranganing dhasare Padaleman Suci kang ora ana apa-apane iku ambane limang asta. Ing antarane dhasare gedhong-gedhong lan |
| 10 |
| kamar-kamar lete rong puluh asta, iku ing sakubenge Padaleman Suci kabeh. |
| 11 |
| Lan lawang-lawang ing kamar tambahan, kang metune anjog ing perangan kang ora kanggo apa-apa mau, siji ana ing sisih kidul. Dene ambane papan kang ora kanggo apa-apa iku limang asta mubeng. |
| 12 |
| Gedhong kang dumunung ana ing plataran tutupan ing sisih kulon ambane pitung puluh asta, dene temboke mubeng kandele limang asta lan dawane sangang puluh asta. |
| 13 |
| Panjenengane nuli ngukur Padaleman Suci mau: dawane satus asta, dene plataran tutupan karo gedhonge lan temboke uga satus asta; |
| 14 |
| mangkono uga ambane sisih ngarep Padaleman Suci karo plataran tutupan ing sisih wetan iya satus asta. |
| 15 |
| Sawuse mangkono Panjenengane banjur ngukur dawane gedhong kang ana ing plataran tutupan ing sisih kulon karo emper-empere ing sisih kiwa tengene, iku ana satus asta. Bangsal-agung, bangsal njero lan pandhapane |
| 16 |
| tinutupan ing blabag lan ing sakubenge bangsal telu iku ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu, empere uga ana. Ing ngareping tlundhage Padaleman Suci iku kabeh katutupan blabag wiwit ing jrambahe nganti tekan ing cendhela-cendhelane -- cendhela-cendhelane iku padha katutupan -- |
| 17 |
| malah nganti tekan ing sadhuwuring lawang lan bangsal njero sarta uga ing njaba. Temboke perangan njero lan perangan njaba kabeh |
| 18 |
| rinengga ing gambar-gambar kerub lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarane kerub loro wite kurma sauwit, sarta kerub iku raine loro, |
| 19 |
| kang siji arupa rai manungsa, sijine raining singa kang madhep marang wit kurma; kaya mangkono iku anggone Padaleman Suci mau kayasa. |
| 20 |
| Wiwit ing jrambah nganti tekan ing sadhuwuring lawang temboke rinengga ing kerub lan wit kurma ukur-ukiran. |
| 21 |
| Saka-sakaning lawange bangsal-agung pesagi. Lan ing sangarepe papan Sucining Suci katon ana rerupan kang memper misbyah kayu, |
| 22 |
| dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.” |
| 23 |
| Bangsal-agung iku inebing lawange loro tuwin papan Sucining Suci |
| 24 |
| inebing lawange uga loro: Ing lawang-lawang kono ana inebe loro kang bisa mubeng; loro dumunung ing lawang kang siji lan loro dumunung ing lawang sijine. |
| 25 |
| Lawang-lawang iki, yaiku lawang-lawanging bangsal-agung, rinengga ing kerub lan wit kurma ukir-ukiran kaya tembok-temboke. Ing sangarepe Padaleman Suci mau, yaiku ing jaba ana undhak-undhakane kayu. |
| 26 |
| Ing tembok sisih kiwa tengene pendhapa ana cendhela-cendhelane kang mawa klambu lan wit kurma ukir-ukiran. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/ezekiel/041.mp3
48
41