He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.
Mulane nagara iki bakal prihatin, lan kang manggon bakal padha katon nglayung; uga kewan-kewan ing ara-ara lan manuk ing awang-awang, dalasan iwak-iwak ing sagara bakal padha sirna.
UmatingSun sirna marga ora wanuh marang Allah, amarga sira kang emoh wanuh, mulane sira Suntampik dadi imamingSun, lan sarehne sira iku ngungkurake piwulange Gusti Allahira, mulane Ingsun uga bakal nyingkur marang anak-anakira.
Bakal padha mangan, nanging ora bisa wareg, padha laku jina, nanging ora tangkar-tumangkar, awit wus padha ninggal marang Pangeran Yehuwah lan nggondheli sundel.
UmatingSun takon marang wite; sarta tekene kang nyumurupake, marga padha kasasarake dening roh jina, lan padha laku jina tuwin banjur ngungkurake marang Allahe.
Padha saos kurban ana ing pucake gunung-gunung, lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger, ana ing ayome wit elon, wit libnah sarta wit elah, awit iku ayome katon apik. Yaiku kang njalari anakira wadon padha laku jina, lan mantumu wadon padha dadi wanita tuna-susila.
Ingsun ora bakal ngukum anak-anakira wadon sanadyan padha laku jina, utawa mantu-mantunira wadon, sanadyan dadi wanita tuna-susila amarga dheweke dhewe padha manggon ndhewe karo para wong wadon tuna-susila, sarta sesaji bebarengan karo sundel-sundel agama, mulane umat kang ora duwe pangreten iku bakal nemahi karusakan.
He, Israel, manawa sira laku jina, Yehuda aja nganti melu gawe kaluputan, aja lunga menyang Gilgal, lan aja munggah menyang ing Bet-Awen, sarta aja sumpah: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang!”