Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| “Hayuk pada bali mratobat marang GUSTI! Awit Panjenengané sing nyempal-nyempal, lan sing bakal maraské kita; Panjenengané sing nggebuki kita, lan ya sing bakal mblebet kita uga. |
| 2 |
| Sakwisé rong dina kita bakal diuripké menèh, ing dina kaping telu ditangèkké, dadi kita bakal urip ing ngarepé. |
| 3 |
| Mulané hayuk pada kenalan lan mbudidaya karo temen-temen supaya manut karo GUSTI, Panjenengané mesti bakal liwat kaya njedulé ésuk wétan; kita bakal diparani tyarané kaya udan, kaya udan ing pungkasané mangsa sing nelesi bumi.” |
| 4 |
| Hé, Efraim, apa sing bakal Tak tibakké marang kowé? Hé Yéhuda, kowé bakal Tak kapakké? Katrésnanmu kaya pedut ésuk, kaya ebun sing ésuk mruput ilang. |
| 5 |
| Mulané wis pada Tak remuk lantaran para nabi lan Tak patèni karo tembungé tutuk-Ku lan paukuman-Ku sing bener semlorot kaya pepadang. |
| 6 |
| Awit sing Tak senengi kuwi katrésnan duduk kurban sing dibelèh, lan aluwung milih manut marang Gusti Allah tenimbangané karo kurban obongan. |
| 7 |
| Nanging wong-wong kuwi wis nerak perjanjian kaya Adam, ing kono enggoné goroh marang Aku. |
| 8 |
| Giléad kuwi kutané para tumindak ala, kebak tilas-tilas getih. |
| 9 |
| Kumpulané para imam kuwi kaya grombolan bégal sing ngadang memangsané, pada matèni ing dalan sing nuju ing Sikem, sejatiné, tumindak sing ala sing dilakoni. |
| 10 |
| Ing antarané turunané Israèl Aku ngerti pokal-gawé sing medèni; ing kono Efraim pada laku bédang lan Israèl wis najisaké awaké déwé. |
| 11 |
| Hé Yéhuda, uga kowé wis ditetepaké waktu panèn, paukumanmu: Yèn kahanané umat-Ku wis Tak balèkké. |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/hosea/006.mp3
14
6