samangsa Ingsun marasake Israel, nuli kelair dosane Efraim, lan pialane Samaria; dene wus padha tumindak ngapusi, maling lumebu kalawan ngrusak omah, grombolan kang ana ing njaba padha mbegal.
Kabeh padha laku jina, kayadene pawon kang murub terus, nalika tukange roti leren nggedhekake geni, sarta nalika ngulet jladrene nganti mumpluk dening ragi.
Wong-wong iku batine kaya pawon murub, atine murub makantar-kantar; sawengi muput nepsune mendha, bareng esuk murub maneh kaya geni kang nyalad-nyalad.
Wong-wong iku padha panas kabeh kaya pawon murub, lan mangsa para hakime nganti entek. Sakehe ratune wus padha tiwas, wong-wong iku ora ana siji-sijia kang sesambat marang Ingsun.
Gumunggunge Israel dadi paseksi tumrap awake dhewe, ewadene padha ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, lan ing sajroning sakehe kaanan kang mangkono iku mau iya ora banjur ngupaya Panjenengane.
Samangsa mangkat mrana, Ingsun bakal masang jaringingSun ing dhuwure, bakal Suntarik mudhun kaya manuk ing awang-awang, bakal Sungebagi marga saka piala-pialane.
Bilai wong-wong iku, marga wus padha minggat ninggal Ingsun, padha nemahana karusakan, awit wus padha brontak marang Ingsun! Arep padha Sunpitulungi, nanging padha ngucap goroh marang Ingsun.
Pasambate marang Ingsun iku ora metu saka ing prentuling atine, nanging padha nangis ana ing paturone. Padha natoni awake supaya oleha gandum lan anggur, sarta padha mbalela marang Ingsun.
Padha mbalik marani Baal, lan padha kaya gandhewa kang cidra, para panggedhene bakal padha tiwas dening pedhang, marga saka tembunge kang kasar. Yaiku kang bakal dadi jalarane anggone bakal padha dipoyoki ana ing tanah Mesir.