Kitab Jawa Suriname
|
| 1 |
| GUSTI ngetokké tembung marang Moses mengkéné: |
| 2 |
| “Kowé ngomonga marang wong Israèl: Yèn ana wong wadon nglairké anak, metu lanang, kuwi dadi najis suwéné pitung dina, ya pada suwéné kaya enggoné dadi najis ing waktu regetan sasèn. |
| 3 |
| Lan ing wolung dina bayi kuwi kudu disunati ikuté. |
| 4 |
| Sakwisé mengkono wong wadon mau manggona ing omahé waé suwéné telung puluh telu dina nganti waras najisé getih, lan ora kena ndemèk sembarang apa sing sutyi lan ora kena mlebu ing omah sutyi, nganti tekan genepé dinané enggoné disutyèkké. |
| 5 |
| Nanging yèn nglairké anak wadon, terus dadi najis suwéné rong minggu, najisé pada kaya regetan sasèn. Sakwisé mengkono manggona ing omahé waé suwéné suwidak nem dina nganti waras najisé getih. |
| 6 |
| Lan yèn wis genep dinané enggoné disutyèkké, kanggo anak lanang utawa wadon, terus nggawa wedus gèmbèl sing umur setaun kanggo kurban obongan lan anak dara utawa manuk deruk siji kanggo kurban ngluwari dosa, dipasrahké marang imam menyang ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan. |
| 7 |
| Lan imam kuwi sing terus masrahaké ing ngarepé GUSTI lan nganakké rukunan kanggo wong wadon mau. Kaya mengkono wong wadon mau enggoné disutyèkké sangka enggoné ngetokké getih. Kuwi pernatan kanggo wong wadon sing nglairké anak lanang utawa wadon. |
| 8 |
| Nanging yèn wong ora bisa nganakké wedus utawa wedus gèmbèl, kena masrahaké manuk deruk loro utawa manuk dara loro, siji kanggo kurban obongan, sijiné kanggo kurban ngluwari dosa; lan imam terus nganakké rukunan kanggo wong wadon kuwi, nganti bakal resik najisé.” |
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanesekjs17/leviticus/012.mp3
27
12