“Sira pratelaa marang wong Israel lan padha sira tuturana: Manawa ana wong lanang kang ngetokake umbel saka ing kawirangane, iku dadi najis marga saka umbel mau.
Sing sapa lungguh tilas kang dilungguhi wong kang ngetokake umbel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
Manawa wong kang mangkono iku ngidoni wong kang ora najis, wong kang diidoni mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
Sing sapa nggepok sadhengah apa kang mentas kaungkulan badane wong mau, dadi najis tumeka suruping srengenge. Dene sapa wong kang ngusung iku, ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
Karodene saben wong kang didemek dening wong kang mangkono iku, ora nganggo wisuh tangane dhisik, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.
Anadene wong kang ngetokake umbel mau samangsa wus mari, nuli ngetunga pitung dina engkas, supaya kapratelakna wus birat najise, banjur ngumbaha sandhangane, adusa banyu kang mili, temah dadi ora najis.
Bareng wolung dinane njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, banjur sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, lan masrahna manuk mau marang imam.
Iku banjur kapisungsungna dening imam, kang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan sijine minangka kurban obaran. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, jalaran saka wetuning umbele.
Manawa ana wong wadon kang ngetokake barang kang ajer, mangka iku getih kang metu saka ing kawirangane, iku anggone jember lawase pitung dina, sing sapa nggepok wong wadon mau, dadi najis tumeka suruping srengenge.
Uga manawa kagepok ing samubarang kang mentas sumeleh ing paturone utawa sadhengah apa kang mentas dilungguhi wong wadon mau, iya dadi najis tumeka surupe srengenge.
Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon mau, mangka nganti kelepetan ing jejembere, wong iku dadi najis nganti pitung dina lawase, lan sadhengah paturon kang dituroni iya dadi najis.
Manawa ana wong wadon kang nganti pirang-pirang dina ngetokake jer-jeran, yaiku getih, mangka ora pinuju nggarap-sari, utawa manawa kliwat saka adat sabene, iku ing sajrone ngetokake jer-jeran kang najis iku, dadia padha kaya samangsa lagi nggarap-sari, dadi iya najis.
Saben paturon kang dituroni salawase ngetokake getih, iku dadia padha kaya kang dituroni nalika nggarap-sari, sarta samubarang kang dilungguhi dadi najis, iya kaya najise samangsa lagi nggarap-sari.
Imam banjur misungsungake manuk kang siji minangka kurban obaran; kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, marga saka wetune getih kang najis mau.
Kaya mangkono anggonira nyingkirake wong Israel saka ing kanajisane, supaya aja nganti padha mati ing sajrone kanajisane, marga padha najisake Tarub SuciningSun kang ana ing tengahe iku.”
sarta maneh tumrap wong wadon kang nggarap-sari, lan tumrap saben wong kang ngetokake sadhengah apa, dadia lanang utawa wadon, apadene wong kang awor turu karo wong wadon kang mbeneri najis.