Sira aja tiru-tiru tingkah lakune wong ing tanah Mesir, kang sira enggoni biyen; lan solah tingkahe wong ing tanah Kanaan, kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira; iku iya aja padha sira tiru adat kalumrahane.
Sira aja ngungkabi kawirangane wong wadon dalah anake wadon, iya aja sira wayuh anake wadon saka anake lanang utawa saka anake wadon, lan diungkabi kawirangane, iku padha kalebu kulit dagingira, iku pratingkah kang nistha.
Sarta maneh sira aja laku jina karo kewan, teman ndadekake sira lan kewan iku padha najis. Karomaneh wong wadon iya aja nganti mapan ana ing ngarepe kewan supaya dijamaha, iku pratingkah rusuh.
Poma sira aja gawe najisira dhewe, marga saka sadhengaha pratingkah kang kaya mangkono iku, awitdene bangsa liya kang Suntundhung saka ing ngarepira iku wus padha najisake awake marga saka pratingkah mau kabeh.
Nanging sira iku padha netepana pranatan lan katetepaningSun, sarta aja pisan-pisan nglakoni sarupane pratingkah nistha iku, sanadyan wong Israel kang asli dhewe utawa bangsa liya kang manggon ana ing satengahira,
Jalaran saka iku sira padha netepana kuwajibanira marang Ingsun, lan aja pisan-pisan nglakoni salah sijine padatan kang nistha iku, kang dilakoni sadurunge sira, lan sira aja ndadekakae najise awakira marga saka iku; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”