“Wong Israel padha sira prentahana supaya padha ngladekna lenga jaitun dheplokan kang tulen marang sira kanggo padamaran, supaya damare kena dipasang lan tansah murub.
Harun kudu tansah njaga damar-damar iku ana ing sangarepe geber kang ngaling-alingi papan angger-anggering Allah ing jero Tarub Pasewakan, wiwit wayah sore tumeka esuke, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun.
Saben satumpuk dokokana menyan kang tulen; menyan iku dadia pangenget-enget tumrap ing roti mau, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.
Dene roti iku dadia bageane Harun lan para anake, sarta padha dipangana ana ing panggonan kang suci; awitdene iku panduman kang suci pinunjul, saka kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, iku dadia tatanan kang kanggo ing salawase.”
Kacarita ing sawijining dina ana wong lanang, embokne wong Israel, bapakne wong Mesir kang nekani tarub palerebane wong Israel. Wong mau banjur kerengan karo wong Israel ana ing palereban.
Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.
“Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.
Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.
Kaya mangkono pangandika kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel; wong kang ngucapake ipat-ipat mau tumuli digawa metu saka ing palereban, sarta dibenturi watu. Dadine wong Israel padha nindakake apa kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.