“Wong Israel padha sira kandhanana lan padha tuturana mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing nagara kang bakal Sunparingake marang sira, tanah iku kudu diasokake, minangka sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah.
Sajroning nem taun lawase sira nyebarana buminira, lan sajroning nem taun sira ngethokana pucuke tanduranira anggur, sarta ngundhuhana pametune tanah iku,
nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah; buminira aja sira sebari lan tanduranira anggur aja sira kethoki pucuke.
Sarta apa bae kang thukul dhewe saka buminira iku, aja sira eneni lan wohe tanduranira wit anggur kang ora sira tutuhi iku, aja sira undhuhi. Taun iku dadia taun pangasoan babar pisan tumrap tanah iku.
Pametune tanah sajrone sabat iku padha sira pangana, iya sira, iya baturira lanang lan wadon lan buruhira apadene wong liya bangsa kang padha manggon awor karo sira.
Taune kang kaping seket iku sira sucekna, lan ngundhangna kamardikan marang wong saisine nagara kabeh; taun iku padha kagawea Taun Yobel, saben wong panunggalanira padha balia menyang palemahane kang dadi darbeke lan kulawargane.
Taun kang kaping seket iku padha sira dadekna Taun Yobel, sira aja padha nyebar wiji, lan apa kang bakal thukul dhewe, aja sira eneni, sarta aja padha ngundhuhi wohe wit anggur kang ora kokkethoki pucuke.
Kaya mangkono anggonira kudu nglakoni katetepaningSun lan tansah padha gondhelan marang pranataningSun, temah sira bakal padha manggon ing kana kanthi ayem lan tentrem.
Saupama sira padha takon: Apa kang bakal padha dakpangan ing taun kang kapitu iku? Aku rak padha ora kalilan nyebar lan ora kena nglumpukake pametuning tanah!
Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”
Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.
iku ngetunga anggone ngedol mau wus pirang taun, banjur saluwihing kekarane dibalekna marang kang nuku, kalawan mangkono wong mau banjur bisa ngulihi tanah ebeke.
Nanging manawa ora duwe kang kagawe mbalekake, ing kono darbeke kang wus diedol tetep ana ing tangane kang tuku nganti tumeka ing Taun Yobel. Ing Taun Yobel palemahan iku bakal luwar, sarta wong mau bisa ngulihi tanah ebeke.”
“Saupama ana wong adol omah ana ing kutha kang pagere tembok, omah iku kenane ditebus mung tumeka taun pendhake, kaetung saka anggone ngedol; anggone wenang nebus mung sajrone setaun.
Balik omah kang ana ing desa kang ora kinubengan ing pager tembok, iku kapadhakna karo palemahan ing nagara kono, padha kena ditebus lan ing Taun Yobel kudu bali.
Dene manawa ana wong Lewi kang ora nebus darbeke, nanging omah kang kaedol ana ing kuthane dhewe, iku iya kudu bali ing Taun Yobel, amarga omah kang ana ing kuthane wong Lewi iku padha dadi wewenange ana ing satengahe wong Israel.
“Saupama sadulurira ana kang tumiba ing kamlaratan, nganti wus ora bisa ngglawat ana ngarepira, iku kabantua, dipadha kaya wong manca utawa wong neneka, supaya bisa lestari urip ana ing tengahira.
Mangkono maneh manawa ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan ana ing tengahira, nganti pasrah bongkokan marang sira, iku aja sira dadekake kaya batur tukon.
Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.
Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.
Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.
Manawa ana wong ngamanca utawa wong neneka kang ana ing tengahira, kang uripe wus kacukupan, mangka sadulurira kang melu wong iku tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol awake marang wong ngamanca utawa wong neneka iku, utawa marang wong kang asale saka wong ngamanca iku,
Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.
Manawa cacahe taun kang tumeka Taun Yobel iku mung kari sathithik, iya etung-etungana karo kang nuku, anggone mbalekake dhuwit tebusan kanggo awake dhewe; kaetunga miturut cacahe taun iku.
Awitdene wong Israel iku padha ngabdi marang Ingsun, lan padha dadi abdiningSun kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”