“Manawa sesaosane arupa kurban slametan, mangka kang kasaosake iku arupa sapi, dadia lanang utawa wadon, iku kudu kang tanpa cacad kang disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
Wonge banjur numpangna tangane ing endhasing kurbane, sapi iku nuli disembeleha ana ing sangarepe lawanging Tarub Pasewakan, sarta getihe disiramna ing sakubenge misbyah dening para imam anake Harun.
Sawuse mangkono kurbane slametan iku salong dijupuka dadi kurban kang kasaosake marang Sang Yehuwah sarana digeneni, yaiku gajihe kang nasabi jeroan lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,
Iku banjur diobonga ana ing misbyah dening para anake Harun, katumpangna ing kurban obaran kang lagi kaobong ing geni; iku dadi kurban genenan, kang gandane damel renaning Yehuwah.
Wonge numpangna tangane ing endhase kurban, wedhus iku banjur disembeleha ana ing ngarepa Tarub Pasewakan, sarta getihe banjur disiramna ing sakubenge misbyah dening para anake Harun.
Sawuse mangkono kurbane slametan iku salong kajupuka diladekna dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, iya iku gajihe lan buntute kabeh, kapotonga mepet ing ula-ulane, lan gajih kang nutupi jeroan apamaneh sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,
Wonge numpangna tangane ana ing endhase wedhus, nuli wedhuse disembeleha ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, sarta getihe disiramna ing sakubenge misbyah dening para anake Harun.
Iku nuli diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka dhaharan awujud kurban genenan, kang gandane ngremenake. Sakehe gajih iku dadi kagungane Pangeran Yehuwah.