Kurban dhendha iku kapadhakna kaya kurban pangruwating dosa; pranatan siji kanggo karo-karone; iku dadi pandumane imam kang nganakake pirukun sarana kurban mau.
Saben kurban dhaharan kang kapanggang ana ing panggangan roti, lan sakabehe kang kaolah ana ing wajan lan kang dipanggang, iku dadia pandumane imam kang nyaosake.
Manawa kang kasaosake iku kanggo kurban pamuji sokur, kurbane iku kakanthenana roti bunder tanpa ragi, pangolahe diwori lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, karodene glepung gandum pilihan kaulet lenga.
Nuli siji-sijine bagean kang kakurbanake iku dijupuka niji, disaosna minangka pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, pisungsung iku dadi pandumane imam kang nyiramake getihe kurban slametan iku.
Dene manawa kurban sembelehan mau kanggo ngluwari punagi utawa kurban manasuka, iku kapangana ing dina anggone kasaosake lan turahane kena dipangan esuke.
Awitdene manawa daginge kurban slametan iku kapangan ing dina katelune, iku bakal ora katrimah, lan kurbane kaanggep batal, malah dadi njemberi, lan sapa wong kang mangan iku bakal nyangga kaluputane dhewe.
Daging iku manawa kagepok ing sadhengah kang najis, iku aja dipangan, nanging kaobonga nganti entek. Saben wong kang ora najis klilan mangan daginge kurban iku.
Nanging sadhengah wong kang mangan daging kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, mangka wong mau kaanane najis, nyawane kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.
Sarta maneh manawa ana wong kang nggepok sabarang kang najis, yaiku najising manungsa, utawa najising kewan kang najis utawa kewan gumremet kang najis, mangka banjur mangan daginge kurban slametan kang kagem Pangeran Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”
Awitdene sapa wong kang mangan gajihing kewan kang kasaosake dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah, wong kang mangkono iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.
“Sira ndhawuhana marang umat Israel: Sing sapa nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna pisungsunge marang Sang Yehuwah saperangane kurbane slametan mau.
Kudu klawan tangane dhewe anggone ngladekake sakehe kurban genenan kang konjuk marang Sang Yehuwah iku. Anadene gajihe karo andhemane iku kang kaladekna; andhemane supaya digoyangna dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
Sabab andheman pisungsung goyangan lan sampil pisungsung-mligi iku wus padha Sunpundhut saka wong Israel saka sakehe kurbane slametan, sarta wus Sunparingake marang Imam Harun lan marang anak-anake; iku dadia paranatan kanggo ing salawase tumrap wong Israel.”
Iya iku pandumane Harun lan pandumane anak-anake saka sakehe kurban genenan kagem Sang Yehuwah, nalika padha dikarsakake dadi imam kagem Pangeran Yehuwah;
iku kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kapasrahna marang para imam mau saka wong Israel nalikane padha dijebadi, iku dadia pranatan kanggo ing salawase turun-tumurun.
kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai ing nalikane wong Israel padha kadhawuhan ana ing pasamunan Sinai, supaya padha nyaosake kurbane marang Pangeran Yehuwah.