He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:
Apa ana manuk kang tiba ana ing pasangan kang ana ing lemah, manawa ora kapasangan pakan? Pasangane apa iya kajunjung saka ing lemah manawa durung oleh apa-apa?
Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha, kang ora ndadekake gumetere wong-wong? Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha, kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?
Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur, lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir, sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria, lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”
“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”
Kang iku pangandikane Pangeran Yehuwah Allah mangkene: “Mungsuh bakal ngepung nagaranira, lan bakal ngilangake kasantosanira, sarta kadhatonira bakal dijarah-rayah!”
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kayadene pangon kang ngrebut sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa, kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake, kaya saperanganing dipan, lan kaya saperanganing sikile paturon.”
“Ing dina anggoningSun ngukum Israel, marga saka panggawe-panggawene kang ala, Ingsun iya bakal ndhawahake paukuman marang misbyah-misbyahe Betel, temah sungune misbyah iku padha ditugeli lan padha tiba ing lemah.
Omah kang dienggoni ing mangsa atis bakal Sungempur bareng karo omah kang dienggoni ing mangsa panas, omah-omah gadhing padha remuk, apadene omah gedhe padha sirna,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.