Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| “Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel. |
| 2 |
| Padha menyanga ing Kalne lan nitipriksaa, saka kono menyanga ing Hamat nagara kang gedhe iku, banjur menyanga ing Gat, nagarane wong Filisti, apa iku padha ngluwihi becike karajan-karajan iki, utawa tlatahe apa luwih jembar tinimbang tlatahira? |
| 3 |
| He, sira kang padha nganggep adoh saka dinaning bilai, nanging nyedhakake paprentahan panganiaya; |
| 4 |
| kang klemahan ana ing paturon gadhing, lan nglegeyeh ana ing amben, sarta mangan cempening pepanthan, apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon, |
| 5 |
| kang padha menyanyi manut unining clempung, sarta nganggit kekidungan kaya Dawud; |
| 6 |
| kang ngombe anggur ing bokor, lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe, nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf. |
| 7 |
| Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyang ing pambuwangan lan dadi pucuking barisan, temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.” |
| 8 |
| Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --: “Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub, lan sengit marang kadhatone; nagara saisine bakal Sunulungake.” |
| 9 |
| Ing kono saupama ing omah siji isih ana wonge kang kari sepuluh, iku bakal padha mati kabeh. |
| 10 |
| Sarta manawa pamane kang ngobong jisime iku, kang teka arep njunjung lan ngetokake jisim saka ing omah iku, sarta takon marang kang ana ing buri: “Apa isih ana wong maneh kajaba kowe?” mangka kawangsulan: “Ora ana,” nuli bakal celathu: “Wis menenga!” Sabab ora patut nyebut asmane Pangeran Yehuwah. |
| 11 |
| Marga lah Sang Yehuwah wus dhawuh, omah kang gedhe bakal dirubuhake dadi jugrugan, lan omah kang cilik bakal dadi bobrok. |
| 12 |
| Jaran apa padha lumayu ana ing gunung parang, sarta sagara apa diwluku kalawan sapi? Lah sira wus ngowahi kaadilan dadi wisa, lan kabeneran dadi brutawali? |
| 13 |
| He sira, kang padha bungah-bungah marga saka Lodhabar, sarta kang padha ngucap: “Apa dudu kita kang ngrebut Karnaim kalawan karosan kita?” |
| 14 |
| “Sabab lah Ingsun bakal ngedegake sawijining bangsa, kang bakal nglawan marang sira, he turune Israel,” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahing sarwa dumadi -- “sarta sira bakal ditindhes wiwit saka dalan kang ngener ing Hamat nganti tekan ing kali kang ana ing Araba.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/amos/006.mp3
9
6