Lah ana juru pangrusak kang nekani kowe, nganakna pajagan ana ing beteng ngungaka ing dalan, lambungira sabukana kang kenceng, nglumpukna sakehe kekuwatan!
Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub, kaya kaluhurane Rama Israel, amarga wus karusak dening juru pangrusak epange wus padha kasempalan.
Tamenge para pahlawane warnane abang, para prajurite padha manganggo abang jingga, kretane abyor mengangah kaya geni suluh ing dina anggone karakit; sarta jaran-jaran padha katon goreh.
Wadya-bala kang pinunjul diangkatake, nanging padha tiba kejengklok nalika lagi maju, padha mlayoni baluwartining kutha kalawan kesusu, dene piranti kanggo njebol wus kaedegake.
Singa iku lumrahe ndedekep kanggo nyukupi pangane anak-anake, lan nekak memangsan kanggo sing wadon, sarta ngebaki guwane kalawan pangan lan pandhelikane kalawan dedekepane.
Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah: “Lah! Ingsun bakal nglawan marang sira, nuli sakehe kretanira bakal Sunobong nganti dadi kukus, lan singanira nom bakal padha kamangsa ing pedhang nganti entek; sarta memangsanira bakal Sunsirnakake saka ing bumi, swarane para kongkonanira bakal ora keprungu maneh.”