Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng, saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah! Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahipun taun, inggih salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken, ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih-palimirma!
Gusti Allah rawuh saka ing tanah Teman, sarta Kang Mahasuci saka ing pagunungan Paran, (sela). Kamulyane nasabi sakurebe langit, lan bumi kebak pamuji marang Panjenengane.
Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabab-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.
Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun, margi saking sunaring jemparing-jemparing Paduka ingkang lumepas, sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar.
Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka, inggih mitulungi jebadan Paduka. Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk, dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan (sela).
Pangagenging wadya-bala ingkang ngamuk Paduka dhawahi panahipun piyambak, kangge mbuyaraken kawula kalayan asurak-surak kados-kados sami nguntal tiyang ingkang katindhes kalayan sidheman.
Nalika kawula mireng prakawis punika, gumeter manah kawula, lambe kawula ndhredheg mireng ungelipun; balung kawula kados-kados sami kalebetan bubuk, sarta kawula gumeter wonten ing papan ingkang kawula idak; ewasamanten kawula badhe kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan, ingkang tumempuh dhateng bangsa ingkang gegrombolan nempuh kawula.
Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun,
Sang Yehuwah, Gustiku iku dadi karosanku: Panjenengane damel sikilku kaya sikiling menjangan, Panjenengane marengake aku lumaku ing tengger-tenggerku. (Kanggo pemimpining juru ngidung, binarung ing swaraning clempung).