Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Aku banjur tumenga nuli weruh ana gulungan kitab nglayang. |
| 2 |
| Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe weruh apa?” Aturku: “Kula ningali wonten kitab gulungan nglayang, panjangipun kalih dasa asta sarta wiyaripun sadasa asta.” |
| 3 |
| Tumuli aku dipangandikani maneh, mangkene: “Iku sumpah wewelak kang nempuh ing sawratane nagara kabeh; sabab miturut surasane sumpah wewelak iku, saben maling ana ing kene isih luput ing paukuman, mangkono uga saben wong kang nglairake sumpah palsu iya isih luput ing paukuman. |
| 4 |
| Ingsun kang nglampahake wewelak iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- supaya iku lumebu ing omahing maling sarta ing omahe wong kang nglairake sumpah palsu demi asmaningSun, sarta bakal nginep ing omahe kono lan bakal ndadekake rusake, dadia kayune utawa watu-watune.” |
| 5 |
| Malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, sarta dhawuh marang aku: “Kowe namatna lan nitenana apa kang jumedhul ing kono?” |
| 6 |
| Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!” |
| 7 |
| Lah, tutupe timah takeran iku wus kaangkat, lan ing jerone ana wonge wadon kang lungguh. |
| 8 |
| Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan!” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa. |
| 9 |
| Aku tumuli tumenga lan weruh, ana wong wadon loro kang suwiwine kasentor ing angin; suwiwine mau kayu suwiwine manuk cangak. Efane banjur diangkat mumbul dening wong loro iku ana ing antarane bumi karo langit. |
| 10 |
| Aku tumuli nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Efa punika dipun bekta dhateng pundi?” |
| 11 |
| Paring wangsulane malaekat: “Menyang ing tanah Sinear, wong wadon iku arep digawekake omah ana ing kana; samangsa wus dadi, wong wadon mau banjur dipapanake ana ing omah kono.” |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/zechariah/005.mp3
14
5