“Wong Israel anggone lereb iku padha nyedhakana panji-panjine, mituruta tetengering suku-sukune. Anggone lereb iku anaa ing saubenge Tarub Pasewakan kapara adoh.
Gunggunge bala kang kacacahake ana ing tarube Yehuda, miturut golongane ana satus wolung puluh nem ewu patang atus. Iku samangsa budhal anaa ing ngarep dhewe.
Sawuse iku banjur disambung Tarub Pasewakan karo balane bani Lewi ana ing tengah-tengahe bala liya-liyane. Kaya manawa mbeneri lereb, iya mangkono uga samangsa budhalan, siji-sijine ana ing panggonane dhewe-dhewe miturut panji-panjine.
Samono mau gunggunge wong Israel kang padha kacacahake miturut taler-talere. Sakehe kang kacacahake ana ing tarub miturut golongane kabeh ana nem atus telu ewu limang atus seket.
Wong Israel padha nglakoni apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa; kaya mangkono anggone padha makuwon miturut panji-panjine, lan uga anggone padha budhalan, siji-sijine miturut gotrahe lan talere. edit 1: fajar 21 des'00