Wong wadon mau padha ngajak wong Israel ngepung kurban sembelehan kanggo allahe, bangsa mau banjur melu mangan kurban iku lan sujud marang allahe wong-wong iku.
Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”
Kapinujon ana sawijining wong Israel kang teka nggawa wong wadon bangsa Midian menyang satengahe para sadulure, kapirsanan dening Nabi Musa lan kaweruhan dening sagolongane wong Israel kabeh kang lagi padha nangis ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
nuli nututi wong Israel mau nganti tekan ing kamar tengah, wong loro mau padha ditumbak wetenge, yaiku wonge Israel lan wonge wadon, wewelak kang nempuh wong Israel tumuli sirep.
“Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.
minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”
Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,
marga wus padha nglawan marang sira sarana akal kang dirancang tumrap marang sira, ing bab Peor lan ing bab Kozbi, sadulure wadon, yaiku anake wadon sawijining panggedhene bangsa Midian; Kozbi iku dipateni mbarengi wewelak kang jalaran saka Peor iku.” edit 1: fajar '01