Ing sasi kapitu tanggal sapisan sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake sadhengah pagawean kang abot, iku dadia dina ngunekake kalasangka.
Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang siji sarta wedhus gibas kang tanpa cacad umur sataun pitu;
karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan, kaolah kalawan lenga, kehe telung prasapuluh efa kanggo sapi lanang mau, lan rong prasapuluh efa kanggo wedhuse gembel lanang,
kajaba kurban obaran saben tanggal sapisan lan kurban dhaharan, apadene kurban obaran ajegan sarta kurban dhaharan lan kurban unjukan, miturut pranatane, minangka ganda kang gawe renaning panggalih, kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah.
Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe rena konjuk marang Yehuwah, arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang umur sataun pitu, kabeh mau kang tanpa cacad;
karo kurbane dhaharan: glepung gandum pilihan kaolah kalawan lenga, kanggo sapine telung prasapuluh efa, kanggo wedhuse gibas lanang rong prasapuluh efa,
Karomaneh wedhus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa. Iku kajaba kurban pangruwating dosa kang kanggo nganakake pirukun, lan kurban obaran ajegan karo kurban dhaharan apadene kurban unjukan.
Ing tanggal limalas sasi kapitu iku sira padha nganakna pasamuwan suci; sira aja nindakake pagawean kang abot; sira padha nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah, lawase pitung dina.
Ing wektu iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah arupa: sapi lanang nom telulas, wedhus gibas lanang loro lan wedhus gembel kang umur sataun patbelas, kabeh mau kudu kang tanpa cacad;
uga kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan kaolaha kalawan lenga; kanggo sapi lanang telulas mau saben sapi siji telung prasapuluh efa, lan kanggo wedhuse lanang loro iku saben wedhus siji rong prasapuluh efa;
karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.
karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku cacahe miturut pranatane.
karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse enom iku cacahe miturut pranatane.
karo kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane;
karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.
karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapi-sapine lanang, kanggo wedhus-wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.
Ing wektu iku sira padha saosa kurban obaran, kurban genenan, kang gandane gawe renaning Pangeran Yehuwah arupa sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gembel kang tanpa cacad kang umur sataun pitu.
Karo kurbane dhaharan lan kurbane unjukan, yaiku kanggo sapine lanang, kanggo wedhuse lanang lan kanggo wedhus-wedhuse kang enom iku, cacahe miturut pranatane.
Iku mau kabeh kang kudu padha sira olah kagem Pangeran Yehuwah ing dina-dina riyayanira, minangka kurban-kurbanira obaran, kurban-kurbanira dhaharan, kurban-kurbanira unjukan lan kurban-kurbanira kaslametan lan kurban-kurbanira manasuka.”