Nanging Nadab lan Abihu wus ngajal ana ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing pasamunan ing Sinai, nalika padha nyaosake geni kang ora samesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha ora duwe turun. Mulane Eleazar lan Itamar kang nindakake kaimaman nalika Rama Harun, kang rama, isih sugeng.
Iku padha netepana kuwajibane kang tumrap marang Harun lan kanggo para umat Israel kabeh ana ing ngarepe Tarub Pasewakan, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.
Iku padha rumeksaa marang sakehe pirantine Tarub Pasewakan, sarta padha netepana kuwajibane kang tumrap marang wong Israel, dadi padha nglakoni pagawean kang lumadi marang Tarub Suci.
Wong-wong Lewi iku padha kapasrahna marang Harun lan para anake; saka ing antarane wong Israel wong-wong mau padha kapasrahna babar pisan marang Harun.
“Lah Ingsun kang mundhut wong Lewi saka ing satengahe wong Israel, kagawe gantine sakehe anake pambarep, kang lair saka ing guwagarba; wong Lewi iku padha dadia kagunganingSun,
awitdene sadhengah anak pambarep iku kagunganingSun. Nalika Ingsun mateni sakehe anak pambarep ing tanah Mesir, nuli sakehe anak pambarep ing Israel padha Sunsengker dadi kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.”
“Wong bani Lewi iku padha cacahna miturut kula-wangsane lan miturut gotrahe; sakehe kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur, iku padha kacacahna kabeh.”
Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.
Anadene Rama Eleazar putrane Imam Harun iku kang dadi pucuk pimpinane wong bani Lewi, kang manggedheni marang kang padha rumeksa barang-barang ing pasucen.
Bubuhane para bani Merari iku: ngopeni blabage Tarub Suci, kendhite, sakane dalah ompake sarta sakehe pirantine, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh;
Kang lereb ana ing ngarepe Tarub Suci ing sisih wetan, ing sangarepe Tarub Pasewakan, Nabi Musa lan Rama Harun saputra-putrane, kang padha nglakoni bubuhan rumeksa pasucen kanggo wong Israel; mangka wong liya kang nyedhak iku mesthi kaukum pati.
Sakehe wong bani Lewi kang kacacahake dening Nabi Musa miturut dhawuhe Sang Yehuwah, manut gotrahe, kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur iku ana rolikur ewu.
Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira nacahna sakehe anak lanang pambarep Israel kang umure sasasi sapandhuwur, padha kaetunga gunggunge,
Ingsun pilihna wong-wong Lewi -- Ingsun iki Yehuwah -- dadia gantine sakehe anake pambarepe wong Israel, lan raja-kayane wong Lewi dadia lirune sakehe pambarep ing antarane raja-kayane wong Israel.”
“Ingsun pundhutna wong Lewi dadia gegentine sakehe anak pambarepe wong Israel, lan uga raja-kayane wong Lewi lirune raja-kayane wong Israel; wong Lewi iku dadia kagunganingSun; Ingsun iki Yehuwah.
Dhuwit tebusan iku nuli ditampakake Nabi Musa marang Imam Harun lan para putrane nocogi pangandikaning Yehuwah, kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa. edit 1: fajar 21 des'00