Nabi Musa banjur dhawuh marang bangsa iku, pangandikane: “Wong panunggalanmu sawatara padha cecawisa ing perang, nglurugi Midian, padha nandukna pamalese Sang Yehuwah marang Midian iku.
Iku tumuli didhawuhi dening Nabi Musa nglurug perang, saben taler wong sewu, sarta dikantheni Pinehas putrane Imam Eleazar, kang nggawa piranti pasucen lan kalasangka kanggo tengara.
Saliyane wong-wong kang padha dipateni, wong Israel iya nyedani para ratu ing Midian, yaiku: Sang Prabu Ewi, Rekem, Zur, Hur lan Reba, kabeh cacahe lima; karodene Bileam bin Beor iya dipateni klawan pedhang.
Wong Israel banjur padha mbandhangi wong wadon bangsa Midian dalah anak-anake kang isih cilik, sarta kewane lan raja-kayane apadene raja darbeke padha dirayah;
Sakehe wong bandhangan, barang rampasan lan barang jarahan iku kabeh padha diaturake marang Nabi Musa lan marang Imam Eleazar tuwin marang umat Israel ana ing pakemahan ing tanah ngare Moab, kang kaprenah ana ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake kutha Yerikho.
Lah, rak iya para wong wadon iku ta, kang marga saka pirembuge Bileam, padha njalari wong Israel nganti padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah krana saka Peor, temah umate Sang Yehuwah banjur ketiban wewelak.
Nanging kowe iku padha manggona ana ing sajabane pakemahan lawase pitung dina; sapa kang wus mateni wong lan sapa kang nggepok jisime kang mentas dipateni, iku mbirata najise ing dinane kang katelu, lan ing pitung dinane, kowe dhewe lan para wong bandhanganmu.
Karomaneh sarupane sandhangan lan sarupane dandanan lulang sarta sabarang gegawean saka wulu wedhus, apadene sakehe piranti kayu iku kudu kabirat najise.”
Imam Eleazar banjur ngandika marang bala kang mentas padha nglurug perang mau: “Iki pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa:
samubarang kang tahan geni, iku kaobonga, supaya birat najise. Ewadene iya isih prelu kabirat najise sarana banyu pambirating najis; nanging samubarang kang ora bisa tahan ing geni iku celupna ing banyu.
Apamaneh kowe padha ngumbaha sandhanganmu ing dinane kang kaping pitu, temah bakal birat najismu, sawuse mangkono kowe padha kena lumebu ing palereban.”
banjur sira njupuka pisungsung kagem Sang Yehuwah saka para prajurit kang padha nglurug perang, saben limang atuse siji, iya saka manungsa, iya saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus.
Dene separone kang dadi pandumane wong Israel, iku kajupuka saben sekete siji, iya saka manungsa, saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus; dadi saka sarupane raja-kaya, sarta kabeh iku sira pasrahna marang para wong Lewi kang nglakoni ayahan ing Tarube Suci Sang Yehuwah.”
Pisungsung kang mligi kagem Sang Yehuwah iku banjur diparingake dening Nabi Musa marang Imam Eleazar, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.
Kang separo kang dadi pandumane wong Israel iku saben sekete dipundhut siji dening Nabi Musa, iya kang arupa manungsa lan kang arupa kewan: iku tumuli padha diparingake marang wong bani Lewi, kang padha rumeksa marang Tarub Suci, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.
sarta padha matur: “Ingkang abdi sampun sami nacahaken bala ing wewengkon kula, mangka tetela panunggilan kula boten wonten ingkang cecer satunggal-tunggala.
Mila kula sami mbekta pisungsung konjuk dhateng Pangeran Yehuwah, saben tiyang saangsalipun piyambak-piyambak, warni: barang mas-masan, kadosta: gelang kroncong, gelang tangan, sesupe cap, anting-anting saha rerenggan dhadha kangge ngawontenaken pirukun tumrap nyawa kula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.”
Dene pisungsung mas kang mligi kang disaosake marang Sang Yehuwah iku kabeh bobote nembelas ewu pitung atus seket sekel, samono iku sesaosane para panewu lan para panatus.
Bareng Nabi Musa lan Imam Eleazar wus nampeni mas iku saka para panewu lan panatus, mas iku banjur dilebokake ing Tarub Pasewakan, kanggo pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. edit 1: fajar '01