Kacacahna kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.
Ing sadhuwure meja sesaosan kataplakana jarit wungu tuwa, tumuli ditatanana panjang, piring apadene tuwung lan kendhining kurban pangecuran dalah rotine sesaosan iya kudu ajeg ana ing kono.
Karomaneh padha njupuka jarit wungu tuwa kagawea nutupi padamaran dalah damare, sapit-sapite lan tadhah-tadhahe langes, apadene sakehe wadhah lenga kang kanggo kaperluaning padamaran iku.
Karomaneh padha njupuka sakehing piranti kang kanggo leladen pangibadah ing pasucen, padha kadekekna ing jarit wungu tuwa, kalarabana lulang dhuyung, banjur kaselehna ing amben-ambenan.
ing sadhuwure katumpangna sakehe piranti kang kanggo ing gawe, yaiku: anglo, porok, sarta sorok, bokor panyiraman apadene sakehe pirantining misbyah, banjur dilarabana lulang dhuyung, sawuse iku kaetrapana ing pikulaning misbyah.
Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.
Anadene Eleazar anake Imam Harun, bubuhane ngreksa lengane padamaran, dupa wangen-wangen, kurban dhaharan ajegan sarta lenga jebad; uga kuwajiban ngreksa Tarub Suci lan saisine kabeh, yaiku barang-barang kang suci lan sapirantine kabeh.”
Supaya padha lestari urip lan ora nganti nemahi pati samangsa maju nyedhaki barang-barang kang suci pinunjul, sira padha nindakna mangkene; kanggo wong-wong mau: Harun lan anak-anake padha lumebua lan mrenahna wong bani Kehat mau, cedhak karo barang-barang kang kudu diusung.
Padha ngusunga tendha-tendhaning Tarub Suci lan Tarub Pasewakan, payone lan rangkepane lulang dhuyung kang ana ing dhuwure, sarta wrananing lawange Tarub Pasewakan,
geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.
Bubuhane para bani Gerson, anggone ngusungi barang-barang lan anggone ngladeni, kabeh iku katindakna miturut kang dadi prentahe Harun lan para anake; padha sira tuduhana apa kang dadi tanggung-jawabe tumrap sadhengah kang diusung iku.
kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, iku kaetunga, yaiku saben wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.
Kang dadi bubuhane kang magepokan karo sakehe pagaweane ana ing Tarub Pasewakan: ngusungi blabag-blabag Tarub Suci, palang-palange, cagak-cagake, ompake,
cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.
Kaya mangkono Nabi Musa lan Rama Harun dalah para pemimpine umat Israel anggone padha nacahake para bani Kehat miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,
yaiku wong-wong kang umure telung puluh taun sapandhuwur tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.
Samono cacahe wong bani Kehat, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.
Samono iku gunggunge cacahe gotrah-gotrahe para bani Gerson, kang padha ngladeni ana ing Tarub Pasewakan, kang padha dicatheti dening Nabi Musa lan Rama Harun, miturut dhawuhe Sang Yehuwah.
Anggone nacahake iku marga saka dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa, sawiji-wijine padha diparingi tanggung-jawab tumrap apa kang kudu dilakoni lan kang diangkuti. Kaya mangkono anggone kacacahake, miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.