“Sira mrentahana marang wong Israel, supaya saben wong kang nandhang lara saraat, wong kang ngetokake umbel lan kang nggrajag getih, apadene kang najis marga saka jisim, padha kawetokna saka ing palereban,
Wong Israel banjur iya padha nglakoni kaya mangkono, wong-wong mau padha diwetokake saka ing palereban; apa sadhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake dening wong Israel.
“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong lanang utawa wong wadon, nglakoni dosa marang pepadhane, lan marga saka iku ngowahi kasetyane marang Pangeran Yehuwah, temah wong mau nandhang kaluputan,
Nanging saupama wong iku wus ora duwe sanak kang wajib nampani tebusaning kaluputan mau, ing kono tebusan kaluputan kang kudu kabayar iku dadi kagungane Sang Yehuwah, lan dadi pandumaning imam; iku durung kalebu wedhus gibas lanang karukunan kang dianggo nganakake karukunan tumrap wong mau.
Dene pisungsung suci, kang digawa dening wong, iku pandumane wong iku dhewe; mung apa kang kawenehake dening wong marang imam, iku dadi pandumane imam iku.”
marga wong wadon iku ditunggal turu wong lanang liya, mangka bojone ora ngreti, awit anggone gawe kuceming awake iku digawe wadi, ora ana seksine, satemah ora konangan;
saupama kang lanang banjur kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa marang kang wadon, mangka wong wadon mau dhasar nyata wus gawe kuceme awake, utawa manawa kang lanang katuwuhan rasa sujana, nganti ndakwa kang wadon, sanadyan kang wadon mau ora gawe kuceming awake,
ing kono wong lanang mau tumuli ngladekna somahe marang ngarepe imam. Lan wong iku kudu nggawa kurban marga saka kang wadon iku, arupa glepung sair saprasepuluh efa, aja nganggo diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awitdene iku kurban dhaharan kasujanan, iya kurban pangeling-eling marang kaluputan.
Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.
Wong wadon mau disumpaha dening imam kalawan ngucapna: Manawa nyata kowe ora ditunggal turu dening wong lanang liya, lan ora laku ngiwa, -- awit kowe iku kawengku dening bojomu, -- kowe kalisa ing banyu pait kang malati iki;
balik manawa kowe nyata laku sedheng, temah ndadekake jembermu, marga ditunggal turu dening wong lanang liya; -- mangka kowe iku kawengku ing bojomu --
ing kono imam nyumpaha wong wadon mau klawan sumpah ipat-ipat, sarta ngucapa marang wong wadon mau, mangkene: Kowe didadekna tadhahing-sumpah ipat-ipat dening Pangeran Yehuwah ana ing tengahe bangsamu, pupumu bakal dadi cilik sarta wetengmu dadi busung,
banyu pait kang nekakake walat iku banjur diombekna marang wong wadon mau, sarta banyu iku bakal lumebu ing awake lan njalari wong mau banjur lara banget.
Imam banjur njupuka kurbane dhaharan kasujanan saka ing tangane wong wadon mau, sarta kagoyanga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan kagawaa menyang ing misbyah.
Kurban dhaharan mau dijupuka sagegem dening imam minangka pisungsung pangeling-eling lan diobonga ana ing misbyah, sawuse mangkono banyune tumuli kaombekna marang wong wadon iku.
Sawuse mangkono, manawa wong wadon iku nyata jember lan ora setya marang bojone, mesthi banjur kelakon banyu kang malati mau bakal manjing ing awake, sarta njalari lara banget, temah wetenge dadi busung lan pupune dadi cilik. Sabanjure wong wadon iku bakal nandhang ipat-ipat ana ing satengahing bangsane.
utawa manawa wong lanang kadunungan rohing kasujanan, nganti ndakwa somahe laku sedheng, kang wadon nuli kasebakna marang ngarsane Pangeran Yehuwah sarta imam nindakna pranatan iku kabeh marang wong wadon mau.