Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Sawise Gusti Yesus mungkasi piwulange mau, banjur ngandika marang para sakabate: |
| 2 |
| “Kowe padha sumurup, yen kurang rong dina wis riyaya Paskah, dene Putraning Manungsa bakal kaulungake supaya kasalib.” |
| 3 |
| Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing daleming Imam Agung kang asma Kayafas |
| 4 |
| apirembugan bab anggone arep nyepeng Gusti Yesus kanthi paekan lan nyedani Panjenengane. |
| 5 |
| Nanging rembuge: “Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadekake gegere wong akeh.” |
| 6 |
| Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, ana ing omahe Simon Budhug, |
| 7 |
| ana wong wadon kang marak ing ngarsane, nggawa goci isi lenga jebad kang larang regane, banjur diesokake ing mustakane Gusti Yesus, nalika lagi lenggah dhahar. |
| 8 |
| Para sakabate weruh kang mangkono iku, padha muring-muring, pangucape: “Yagene kok ngeceh-eceh mangkono? |
| 9 |
| Sabab lenga iku kena didol bisa payu larang, lan dhuwite kena didanakake marang wong-wong miskin.” |
| 10 |
| Nanging Gusti Yesus mirsa gagasane para sakabate, banjur ngandika: “Yagene kowe padha ngregoni wong wadon iki? Kang ditandukake marang Aku iki panggawe becik. |
| 11 |
| Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku bakal ora salawase woworan karo kowe. |
| 12 |
| Amarga anggone ngesokake lenga ing awakKu iku, ateges nganakake pacawisan tumrap anggonKu bakal kakubur. |
| 13 |
| Sanyatane Aku pitutur marang kowe, ana ing ngendi bae Injil iki bakal diwartakake ing saindenging jagad, apa kang katindakake iku bakal tansah kapratelakake uga minangka dadi pangeling-eling marang dheweke.” |
| 14 |
| Sawise iku salah sawijining sakabat rolas, kang jenenge Yudas Iskariot, marani para pangareping imam, |
| 15 |
| lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka. |
| 16 |
| Lan wiwit nalika iku Yudas golek jalaran bisane ngladosiake Gusti Yesus. |
| 17 |
| Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tampa Ragi, para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ing ngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?” |
| 18 |
| Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyanga kutha, menyanga enggone si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: WektuKu wis cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatKu ana ing omahmu.” |
| 19 |
| Para sakabat banjur nindakake apa sapangandikane Gusti Yesus lan nyawisake Paskah. |
| 20 |
| Bareng wis sore Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para sakabate rolas. |
| 21 |
| Sajrone padha mangan, Gusti Yesus ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Ana siji ing antaramu kang bakal ngulungake Aku.” |
| 22 |
| Para sakabat padha sedhih banget sarta padha munjuk genti-genti: “Rak sanes kawula, ta, Gusti?” |
| 23 |
| Paring wangsulane: “Sing bebarengan karo Aku nyelupake tangane ing pinggan iki, yaiku sing bakal ngulungake Aku. |
| 24 |
| Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.” |
| 25 |
| Yudas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus, matur: “Rak sanes kawula, ta, Guru?” Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani!” |
| 26 |
| Nalika padha mangan, Gusti Yesus mundhut roti, lan sawise diberkahi, banjur dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha tampanana, panganen, iki badanKu.” |
| 27 |
| Sawise mangkono nuli mundhut tuwung lan sawise caos sokur banjur diparingake marang para sakabate, pangandikane: “Padha ngombea kabeh ing tuwung iki. |
| 28 |
| Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, minangka pratandha pangapuraning dosa. |
| 29 |
| Mung bae Aku pitutur marang kowe: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombe maneh pametuning wit anggur iki, nganti tumeka dinane Aku ngombe kang anyar bebarengan karo kowe ana ing Kratoning RamaKu.” |
| 30 |
| Sawise padha ngrepekake kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang ing gunung Zaitun. |
| 31 |
| Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ing pepanthane bakal buyar. |
| 32 |
| Nanging sawise Aku tangi, Aku bakal ndhisiki kowe kabeh menyang ing Galilea.” |
| 33 |
| Petrus mangsuli, ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margi saking Paduka, kawula babar pisan boten.” |
| 34 |
| Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Satemene Aku pitutur marang kowe: Bengi iki, sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.” |
| 35 |
| Atur wangsulane Petrus: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Para sakabat liyane iya padha munjuk mangkono. |
| 36 |
| Tindake Gusti Yesus karo para sakabate wis tekan ing panggonan kang aran Getsemane. Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate:“Padha linggiha ing kene, Aku arep mrana ndedonga.” |
| 37 |
| Panjenengane banjur tindak, Petrus lan anake Zebedheus loro padha kadhawuhan ndherek. Gusti Yesus banjur wiwit kraos sungkawa lan giris. |
| 38 |
| Nuli ngandika marang sakabate katelu mau: “AtiKu sedhih banget, rasane kaya arep mati. Padha anaa ing kene, Aku rewangana melek.” |
| 39 |
| Panjenengane banjur tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud lan ndedonga, ature:“Dhuh, Rama kawula, manawi pancen saged, mugi tuwung punika sumingkir saking Kawula, nanging sampun ngantos kajeng Kawula, namunga sakarsa Paduka.” |
| 40 |
| Banjur murugi sakabat telu mau, padha ketemu turu. Panjenengane ngandika marang Petrus: “Apa kowe ora kuwat ngrewangi melek Aku sajam bae? |
| 41 |
| Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.” |
| 42 |
| Banjur tindak maneh kang kaping pindhone lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saged sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka.” |
| 43 |
| Nalika murugi para sakabate maneh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut. |
| 44 |
| Tumuli padha ditilar maneh kaping telune lan ndedonga kaya sing uwis. |
| 45 |
| Sawise mangkono banjur murugi para sakabate lan ngandika:“Padha terusna anggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wis tekan ing titi mangsane Putraning Manungsa kaulungake marang tamganing wong-wong dosa. |
| 46 |
| Padha tangia, ayo padha lunga, kang ngulungake Aku wis cedhak.” |
| 47 |
| Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat, teka kanthi wong sagolongan gedhe, kang padha sikep pedhang lan penthung, utusane para pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi. |
| 48 |
| Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau: “Wong sing dakcucup, yaiku wonge, cekelen!” |
| 49 |
| Satekane banjur enggal-enggal, marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Ngaturaken salam, Guru,” nuli nucup. |
| 50 |
| Nanging Gusti Yesus ngandika: “Heh, kanca, iku ta prelumu teka?” Wong-wong mau banjur padha maju lan nyekel Gusti Yesus. |
| 51 |
| Ing kono ana sawijining pandhereke Gusti Yesus, kang gumrageh tangane ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kaperung. |
| 52 |
| Nanging pangandikane Gusti Yesus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas dening pedhang. |
| 53 |
| Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengane enggal ngirimake malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku? |
| 54 |
| Yen mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisane kalakon, kang mratelakake, yen iki kudu kalakon mangkono?” |
| 55 |
| Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku. |
| 56 |
| Nanging kabeh-kabeh iki kalakon supaya kayektenana kang tinulis ing kitabe para nabi.” Para sakabat banjur padha ninggal Panjenengane lan padha lumayu kabeh. |
| 57 |
| Gusti Yesus sawise kacepeng banjur kairid menyang ing daleme Imam Agung Kayafas. Para ahli Toret lan para pinituwa wis padha nglumpuk ana ing kono. |
| 58 |
| Petrus ngetutake saka ing kadohan nganti tekan ing plataraning Imam Agung, lan bareng wis mlebu banjur linggih ing satengahe para abdi, arep nyumurupi karampunganing prakara. |
| 59 |
| Para pangareping imam, malah sapepake pradata padha golek seksi palsu kang nglawan Gusti Yesus, supaya Panjenengane bisa kapatrapan paukuman pati, |
| 60 |
| nanging ora bisa oleh, sanadyan akeh seksi palsu kang padha seba. Wasana ana wong loro kang maju, |
| 61 |
| lan matur: “Tiyang punika nate cariyos: Aku bisa mbubrah Padalemane Allah lan bisa mbangun maneh sajroning telung dina.” |
| 62 |
| Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yesus: “Apa kowe ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwane seksi-seksi iki?” |
| 63 |
| Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?” |
| 64 |
| Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.” |
| 65 |
| Ing kono Imam Agung nyuwek pangagemane lan ngandika: “Wong iki nyenyamah Allah. Apa prelune nganggo seksi? Sapunika panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah. |
| 66 |
| Kadospundi panimbang panjenengan?” Kabeh padha mangsuli: “Tiyang punika kedah kaukum pejah.” |
| 67 |
| Banjur padha ngidoni pasuryane lan ngantemi; ana maneh kang napuki |
| 68 |
| kanthi ngucap: “Heh, Kristus, coba kandhakna marang aku kabeh, sapa kang napuk kowe?” |
| 69 |
| Nalika samana Petrus linggih ana ing jaba, ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdi wadon kang nyedhaki lan alok: “Sampeyan nggih tumut kalih Yesus, tiyang Galilea niku!” |
| 70 |
| Nanging Petrus selak ana ing ngarepe wong kabeh, wangsulane: “Kula boten ngreti kajeng sampeyan niku.” |
| 71 |
| Bareng dheweke menyang ing regol, ana abdi liyane kang weruh, banjur kandha karo wong-wong kang ana ing kono: “Wong iki golongane Yesus, wong Nasaret iku.” |
| 72 |
| Nanging Petrus selak maneh kanthi sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang niku.” |
| 73 |
| Ora let suwe wong-wong sing ana kono padha nyedhaki Petrus lan calathu: “Kowe iku mesthi iya golongane wong iku, iki wis katara saka basamu.” |
| 74 |
| Petrus banjur wiwit nyupatani awake dhewe lan sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang niku.” Nalika iku banjur ana jago kluruk. |
| 75 |
| Petrus nuli kelingan pangandikane Gusti Yesus marang dheweke: “ Sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku ping telu.” Banjur metu menyang ing jaba, nangis kelara-lara. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/matthew/026.mp3
28
26