Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Bareng Gusti Yesus tumedhak ing gunung, banjur kadherekake wong pirang-pirang gegolongan. |
| 2 |
| Lah ing kono ana wong budhugen sowan sarta sujud marang Panjenengane, unjuke: “Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saged mbirat najis kawula.” |
| 3 |
| Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik. |
| 4 |
| Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka peseksi marang wong.” |
| 5 |
| Nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Kapernaum, ana sawijining opsir panatus sowan ing ngarsane sarta darbe atur panyuwun, unjuke: |
| 6 |
| “Bandara, rencang kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten ing griya, langkung sanget anggenipun ngraosaken sakit.” |
| 7 |
| Pangandikane Gusti Yesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.” |
| 8 |
| Nanging atur wangsulane opsir mau: “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu lajeng saras. |
| 9 |
| Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun: Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi.” |
| 10 |
| Bareng Gusti Yesus mireng kang mangkono iku, Panjenengane kaeraman, banjur ngandika marang kang padha ndherek: “Satemene pituturKu marang kowe: Pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel. |
| 11 |
| Aku pitutur marang kowe: Bakal akeh wong kang teka saka ing wetan lan ing kulon kang padha melu kembul bujana karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga, |
| 12 |
| mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.” |
| 13 |
| Gusti Yesus banjur ngandika marang opsir panatus mau: “Wis, mundura, katekana kaya kang dadi pangandelmu.” Sanalika iku uga abdine waras. |
| 14 |
| Sawise iku Gusti Yesus banjur tindak menyang omahe Petrus. Gusti mirsa embokne maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara panastis. |
| 15 |
| Tumuli didemek tangane, temahan waras, banjur ngladeni tamune. |
| 16 |
| Sorene akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha di owanake menyang ngarsane Gusti Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupane wong kang nandhang lelara padha diwarasake. |
| 17 |
| Bab iki kalakone supaya kayektenana kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya: “Panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita.” |
| 18 |
| Bareng Gusti mirsa wong akeh padha ngrubung Panjenengane, banjur dhawuh nyabrang. |
| 19 |
| Nuli ana sawijining wong ahli Toret kang sowan sarta munjuk: “Guru, kula badhe ndherek Panjenengan dhateng pundi kemawon anggen Panjenengan tindak.” |
| 20 |
| Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.” |
| 21 |
| Wong liyane, yaiku salah sijining siswane, matur marang Panjenengane: “Gusti, kawula mugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhe ngubur bapa kawula.” |
| 22 |
| Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati cikben padha ngubur wong mati.” |
| 23 |
| Gusti Yesus banjur minggah ing prau, para sakabate padha ndherek. |
| 24 |
| Dumadakan ana prahara ing sagara kono, praune nganti ketungkeban ing ombak, nanging Gusti Yesus sare. |
| 25 |
| Para sakabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.” |
| 26 |
| Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep. |
| 27 |
| Wong-wong padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe!” |
| 28 |
| Bareng wus mentas ing sabrang, yaiku ing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukake wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekane saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono. |
| 29 |
| Lah tumuli karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka badhe misakit kawula saderengipun mangsa?” |
| 30 |
| Ora adoh saka kono ana babi sapantha gedhe, kang lagi golek pangan. |
| 31 |
| Dhemite nuli padha darbe panyuwun marang Panjenengane, unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhi kesah, keparenga kawula manjing ing babi sapantha punika.” |
| 32 |
| Dhawuhe Gusti Yesus: “Padha lungaa.” Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabeh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu. |
| 33 |
| Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sarta bareng wus tekan ing kutha, padha nyritakake lelakon iku mau kabeh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau. |
| 34 |
| Lah ing kono wong sakutha padha metu methukake Gusti Yesus lan bareng wus padha ana ing ngarsane, padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane karsaa nilar tlatahe. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/matthew/008.mp3
28
8