Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.
Gusti sungkawa panggalihe nguningani wangkoting atine wong-wong iku, banjur padha dipirsani mubeng kalawan duka, nuli dhawuh marang kang ceko: “Jejegna tanganmu!” Tangane banjur diathungake, wis mari.
saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.
Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate nyadhiyakake prau kagem Panjenengane, amarga saka akehe wong ing kono, dadi supaya Panjenengane aja nganti kadhesek-dhesek.
Mangkono uga manawa Iblis brontak nglawan awake dhewe lan manawa dheweke kabage-bage, ora bakal bisa lestari, nanging mesthi malah wis tekan ing wekasane.
Ora ana wong kang bisa lumebu omahe wong rosa lan njarah rayah barang darbeke, manawa wong kang rosa mau ora ditalikung dhisik. Sawise mangkono lagi bisa njarah rayah omahe.
Aku pitutur marang kowe: Satemene sakabehing dosa lan pangala-alane anak-anaking manungsa iku bakal kaapura, malah sakabehing pangala-ala kang diucapake.
Panjenengane lagi lenggah dikupengi wong akeh. Wong-wong iku padha matur: “Lah punika ingkang ibu sarta para sadherek paduka wonten ing jawi, sami badhe pinanggih kaliyan Paduka.”