Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Rasul Paulus banjur mandeng marang para warganing Pradata Agama sarta matur: “Para sadherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah.” |
| 2 |
| Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supaya napuk tutuke Rasul Paulus. |
| 3 |
| Rasul Paulus nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhe napuk panjenengan, he, tembok ingkang ingusar pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhe ngadili kula miturut angger-anggering Toret, nanging panjenengan nerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuh napuk kula.” |
| 4 |
| Wong-wong kang padha ana ing kono calathu: “Kowe iku nyenyamah marang Imam-Agunging Allah!” |
| 5 |
| Paring wangsulane Rasul Paulus: “O, para sadherek, kula boten mangretos bilih panjenenganipun punika Sang Imam Agung. Pancen wonten seratan makaten: Sira aja ngucapake tembung ala marang panggedhening bangsamu!” |
| 6 |
| Sarehne panjenengane mirsa, yen wartaning Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulane banjur nguwuh ana ing ngarsaning Pradata Agama: “Para sadherek, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ing ngarsaning Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah.” |
| 7 |
| Bareng panjenengane ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha dredah satemah wong akeh banjur pecah dadi rong golongan. |
| 8 |
| Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yen patangen iku ora ana lan iya ora ana malaekat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-lorone. |
| 9 |
| Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.” |
| 10 |
| Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempak dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng. |
| 11 |
| Bengine Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhinge lan ngandika marang panjenengane: “Sing teteg atinira, sabab kaya dene anggonira kalawan kendel nekseni Ingsun ana ing Yerusalem, mangkono uga sira iya prelu nekseni ana ing kutha Rum.” |
| 12 |
| Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus. |
| 13 |
| Gunggunge wong kang padha komplotan iku patang puluh luwih. |
| 14 |
| Iku padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwane bangsa Yahudi lan pratela: “Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, boten badhe nedha utawi ngombe saderengipun mejahi Paulus. |
| 15 |
| Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.” |
| 16 |
| Nanging kaponakane Rasul Paulus, putrane kang rayine putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang beteng. Bareng wis diparengake mlebu, nuli matur bab mau marang Rasul Paulus. |
| 17 |
| Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.” |
| 18 |
| Opsir iku banjur nyowanake bocah mau menyang ing ngarsane panggedhening prajurit lan matur: “Kula dipun undang Paulus, tahanan punika, dipun tedhani tulung supados nyowanaken lare anem punika dhateng ing ngarsa panjenengan, awit wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhateng panjenengan.” |
| 19 |
| Panggedhening prajurit mau banjur nganthi bocahe diajak mangiwa, nuli didangu: “Apa kang arep koklapurake marang aku?” |
| 20 |
| Wangsulane: “Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwun dhateng panjenengan, supados benjing-enjing panjenengan ngladosaken Bapak Paulus malih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kapengin angsal katrangan ingkang langkung taliti saking piyambakipun. |
| 21 |
| Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang smapun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalawan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.” |
| 22 |
| Panggedhe prajurit banjur dhawuh marang bocah anom mau supaya mulih kalawan dipangandikani mangkene: “Kowe aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yen kowe wis nglapurake bab iki marang aku.” |
| 23 |
| Sawuse mangkono panggedhe prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkene: “Cawisna prajurit rong atus kang bakal menyang ing Kaisarea karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang asikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki. |
| 24 |
| Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, iku sowanna marang ngarsane Sang Walinagara Feliks.” |
| 25 |
| Nuli damel serat, kang surasane mangkene: |
| 26 |
| “Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Ingkang Minulya Sang Walinagara Feliks. |
| 27 |
| Tiyang punika dipun cepeng dening tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhe dipun pejahi, kula lajeng dhateng kalayan mbekta wadya-bala prelu menggak saha ngluwari piyambakipun, awit kula mireng, bilih tiyang punika warganagari Rum. |
| 28 |
| Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun. |
| 29 |
| Tumrap kula lajeng sampun cetha, bilih pandawanipun punika gegayutan kaliyan angger-anggering Toretipun tiyang-tiyang wau, namung kemawon boten wonten pandakwa ingkang njalari kenging paukuman pejah utawi kedah kalebetaken ing pakunjaran. |
| 30 |
| Salajengipun kula tampi palapuran, bilih wonten komplotan ingkang badhe mejahi piyambakipun. Awit saking punika kula lajeng enggal-enggal kengkenan nyowanaken piyambakipun dhateng ing ngarsa panjenengan. Wondene para ingkang sami ndakwa sampun sami kula ken, supados sami ngajengaken prakawis punika dhateng panjenengan.” |
| 31 |
| Para prajurit banjur padha nindakake kaya kang kadhawuhake. Rasul Paulus ing wektu bengi digawa menyang ing kutha Antipatris. |
| 32 |
| Esuke para prajurit jaranan padha dikon mbacutake lakune karo Rasul Paulus, dene liyane padha bali menyang beteng. |
| 33 |
| Satekane ing kutha Kaisarea, para prajurit jaranan ngaturake layange lan masrahake Rasul Paulus marang walinagara. |
| 34 |
| Bareng wis maos layang mau, walinagara nuli ndangu marang Rasul Paulus, asale saka ing propinsi ngendi. Bareng mireng, yen Rasul Paulus saka ing tanah Kilikia, |
| 35 |
| banjur ngandika: “Aku bakal mriksa prakaramu, yen wong sing padha ndakwa marang kowe wis teka ing kene.” Banjur dhawuh, supaya Rasul Paulus ditahan ana ing kratone Sang Prabu Herodhes. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/acts/023.mp3
28
23