Ing nalika iku, bareng cacahe para siswa saya wuwuh, tumuli thukul pangumel-umel ing antarane wong-wong Yahudi kang basane Yunani marang wong-wong Ibrani, amarga anggone nyadhongi para randhane ing paladen saben dinane kalirwakake.
Mulane rasul rolas banjur nimbali kabeh para siswa, padha diklumpukake lan dipangandikani: “Aku padha rumangsa ora marem, dene marga saka leladi mangan banjur nglirwakake pangandikaning Allah.
Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku
Usul iku diturut dening wong sapasamuwan kabeh, banjur milih Stefanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parmenas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka ing Antiokhia.
Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kaaranan pasamuwane wong Libertini -- para wargane pasamuwan iku wong saka ing kutha Kirene lan kutha Aleksandria -- bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing tanah Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Sang Stefanus,
Nuli padha ngojok-ojoki wong sawatara supaya padha duwea atur mangkene: “Kula sampun sami mireng piyambakipun nyenyamah dhumateng Nabi Musa saha Gusti Allah.”
Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha nggegerake wong akeh lan para pinituwa tuwin para ahli Toret; tumuli padha ngebyuk marang Sang Stefanus, diglandhang diladekake marang ing ngarsane Pradata Agama,
sarta banjur ngajokake seksi-seksi palsu kang padha matur mangkene: “Tiyang punika boten kendel-kendel anggenipun nglairaken pitembungan ingkang nyenyamah dhateng panggenan suci punika saha dhateng angger-anggering Toret,
amargi kula sampun sami mireng wicantenipun, bilih Yesus, tiyang Nasaret punika badhe mbibrah panggenan punika tuwin badhe nyantuni adat-tata-cara peparingipun Nabi Musa dhateng kita.”