Anadene aku, para sadulur, nalika iku ora bisa guneman karo kowe kaya marang wong kasukman, nanging mung kaya marang wong kadagingan kang durung diwasa ana ing Sang Kristus.
Marga kowe isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, manawa ing antaramu tinemu rasa kemeren sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yen kowe kabeh iku manungsa kadagingan tuwin lakumu apa ora cara manungsa?
Awit yen kang siji calathu: “Aku golongane Paulus,” lan liyane kandha: “Aku golongane Apolos,” apa iku ora nelakake yen kowe iku manungsa kadagingan kang dudu kasukman?
Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu padha manjing pracaya, miturut ayahane dhewe-dhewe kang kaparingake dening Gusti Allah.
Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.
besuk garapane sawiji-wijining wong mau bakal kawiyak. Awit dinane Gusti kang bakal nelakake, marga tekane bakal kairing ing geni, lan garapane sawiji-wijining wong bakal dinadar ing geni mau.
Aja nganti ana wong kang ngapusi awake dhewe. Yen ing antaramu ana kang rumangsa wicaksana ana ing jagad iki, kareben wong iku dadi bodho, supaya dheweke dadia wicaksana.