kang ing biyen-biyene ora dakwartakake marang anak-anake manungsa, nanging kang saiki kawedharake marang rasul-rasul lan nabi-nabine Gusti kang suci marga dening Roh,
yaiku manawa wong-wong dudu Yahudi marga saka Pawarta Injil, melu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta melu duwe panduman ana ing prasetyan kang kaparingake ana ing patunggilane Sang Kristus Yesus.
Aku, wong kang asor dhewe ing antarane para suci kabeh, wus kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakake marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihane Sang Kristus, kang ora kena kinira iku,
Ana ing Panjenengane kita oleh kakendelan lan dalan sowan menyang ing ngarsane Gusti Allah kalawan sumendhe babar pisan marga saka pracaya kita marang Panjenengane.
Iya Panjenengane, kang kuwaos nindakake luwih dening akeh tinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir, kaya kang kacetha ana ing daya-kakuwatan kang tumindak ana ing kita,