Dene manawa panggonane sadulurmu iku ora cedhak, utawa kowe ora sumurup sapa kang duwe, kewan iku nuli lebokna ing kandhangmu lan cikben ana ing kono, nganti digoleki dening sadulurmu, banjur kudu kokbalekake.
Mangkono uga tindakmu tumrap kuldine sadulurmu lan iya mangkono tumrap sandhangane, iya mangkono tumrap sabarang duweke sadulurmu kang ilang lan koktemu, aja nganti kowe ethok-ethok ora ngerti.
“Wong wadon aja nganggo sandhangan wong lanang lan wong lanang aja nganggo sandhangan wong wadon, sabab sapa sing nglakoni mangkono iku dadi jember tumrap ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Manawa kowe mrangguli susuh manuk ana ing dedalan, ana ing wit utawa ing lemah, isi anak utawa endhog, mangka embokne lagi ngengremi anake utawa endhoge, iku embokne aja nganti kokjupuk dalah anak-anake.
Pakebonanmu anggur aja koksebari wiji rong warna, supaya pametune wiji kang koksebar lan pametune pakebonan anggur iku aja nganti tumiba ing papan pasucen.
sarta didakwa nglakoni pratingkah kang ora patut, diala-ala jenenge, pangucape: Wong wadon iki dakpek bojo, nanging bareng sapaturon, ora ana tandha-tandhane yen isih prawan;
Bapakne bocah wadon mau tumuli matura marang para tuwa-tuwa iku: Kula sampun nyukakaken anak kula estri dhateng tiyang jaler punika dados semahipun, nanging lajeng dipun sengiti,
kaliyan malih, kauningana, tiyang jaler punika ndakwa anak kula nglampahi pandamel ingkang kirang pantes, pangucapipun: Anak sampeyan punika kula yektosi boten wonten tandhanipun manawi taksih prawan. Mangka punika tandhanipun manawi anak kula taksih prawan, jarite banjur dijerenga ana ing ngarepe tuwa-tuwane kutha.
apadene didhendhaa satus sekel salaka, ditampakna marang bapakne bocah wadon, awit wong lanang mau wus ngalakake jenenge prawan ing Israel; apamaneh wong wadon mau tetepa dadi somahe, ora kena ditundhung sajege urip.
ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan iku ana ing ara-ara, banjur diroda-peksa lan dituroni dening wong mau, kang kaukum pati mung wonge lanang dhewe, kang nuroni mau;
bocahe wadon aja kokkapak-kapakake. Bocah prawan iku ora ana dosane kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhane lan dipateni.
wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.