Kitab Sutji 1981
|
| 1 |
| Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu. |
| 2 |
| Tumuli aku weruh malaekat kang prakosa nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Sapa kang sembada ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele?” |
| 3 |
| Nanging ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, ora ana kang bisa ngudhari gulungan kitab mau sarta nyumurupi ing sisih jerone. |
| 4 |
| Aku tumuli nangis kelara-lara, marga ora ana kang tinemu sembada ngudhari utawa nyumurupi sisih jerone gulungan kitab mau. |
| 5 |
| Banjur ana pinituwa kang ngandika marang aku: “Kowe aja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trah Yahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu.” |
| 6 |
| Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi. |
| 7 |
| Sang Cempe mau banjur nyelak sarta nampani kitab mau saka astane tengen kang pinarak ing dhampar. |
| 8 |
| Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci. |
| 9 |
| Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah, |
| 10 |
| sarta Paduka dadosaken karajan lan imam sumaos ing Allah kita, sarta sami badhe dados ratu wonten ing bumi.” |
| 11 |
| Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa, |
| 12 |
| pangucape kalawan swara sora: “Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.” |
| 13 |
| Aku banjur krungu sakehing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadene kang urip ing jerone, padha ngucap: “Pangalembana lan kaurmatan, tuwin pamuji sarta kamulyan kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempe, ngantos salami-laminipun!” |
| 14 |
| Anadene makluk papat iku padha ngucap: “Amin!” Sarta para pinituwa mau padha sumungkem sujud. |
|
| Simpen Cathetan |
https://beblia.bible:81/BibleAudio/javanese/revelation/005.mp3
22
5